Senin, 21 Desember 2015

Ambengan Sega Kuluban





Ambengan sega kuluban dieler ing tampah
Diladekake ing pasamuwan
Direncah bebarengan, kroyokan, rebutan

Ambengan sega kuluban
Ora an sing ngerti duweke sapa
Kejaba dadi pangane para wayang, para dhalang
Sing lagi lungguh methingkrang

(kidang lan truwelu, kinjeng lan kupu
Mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)

Ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
Mung kari tampah ngganda amis, angganda amis
Banjur kanggo bal-balan para buta!

Kapethik saking : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul
                                                                                 Anggitanipun Turiyo Ragilputra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar