Minggu, 20 Desember 2015

PARIKAN



Inggih menika unen-unen mawi paugeran tigang warn, inggih menika :
a.       Kadadosan saking kalih ukara iangkang dhapukanipun ngangge purwakanthi guru-swara
b.      Saben saukara kadadosan saking 2 gatra
c.       Ukara ingkang kapisan namung minangka purwaka. Dene wosipun dumunung wonten ing ukara ingkang kaping kalij=h.
Tuldhanipun :
Tawon madu, ngisep sekar.                 (Ukara kapisan, 2 gatra)
Calon guru, kudu sabar.                      (Ukara kaping kalih, 2 gatra)

Ancasipun purwaka (ukara kapisan) namung dipunangge narik kawigatosanipun tiyang iangkang nedya dipunaturi utawi dipuntuturi. Prelunipun, supados ing saderengipun ukara ingkang wosipun dipunaturaken tiyang ingkang nedya dipunaturi sampun ketarik manhipun, satemah banjur nggatekaken marang wos ingkang baken (ukara kapindho) ingkang satemenipun bandhe dipunaturaken. Amargi saking nggatosaken, saged mangertos temenan marang maksudipun.

Miturut cacahing wanda, parikan menika kaperang dados tiga, inggih menika :
1.      Parikan ingkang kadadosan saking (4 wanda + 4 wanda) X 2.
Tuladha :
Iwak bandeng, durung wayu.                   (4 wanda + 4 wanda)
Priya nggantheng, sugih ngelmu               (4 wanda + 4 wanda)

Wajik klethik, gula jawa.
Luwih becik, sing prasaja

Pitik walik, tanpa lancur.
Pangkat cilik, arang nganggur

Nangka jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas

Wedang bubuk, tanpa gula.
Aja ngamuk, enggal tuwa.

2.      Parikan ingkang kadadosan saking (4 wanda + 8 wanda) X 2.
Tuladah :
Kembang adas, sumebar ing tengah alas.             (4 wanda + 8 wanda)
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras                (4 wanda + 8 wanda)

Kembang kencur, gandha sedhep sandhing sumur.
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur.

Kembang mawar, ngganda arum ngambar-ambar.
Ati binger, mung yen mentas tanpa bayar.
Rujak cengkir, pantes den wadhahi cangkir.
Mlipar-mlipir, polahe wong duwe esir.

Kembang mlathi, waran peni ngganda wangi.
Watak putri, kudu gemi lan nastiti

Kembang cengkeh, ganda sedhep awarna aneh.
Wong sing sumeh, tartamtu mitrane akeh.

3.      Parikan ingkang kadadosan saking (8 wanda + 8 wanda) X 2.
Tuladha :
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga.
Ingatase para siswa, wajib seneng nggubah basa.

Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu.
Aja watak gumampang, ingatase calon guru.

Sega punar lawuh empal, segane panganten anyar.
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar.

Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring para mudha, aja wedi ing rekasa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar