“Assalamu’alaikum,
kula nuwun.” Swara setengah mbengok iku keprungu saka lawang ngarep.
“Wa’alaikumsalam, sekedhap.”
Mbengokku saka jero kamar.
Tanganku
kang wiwit mau nutul-nutul tuts keyboard laptop banjur mandheg, wiwit ngadeg
jumangkah marani sumbering swara. Jebul kang teka Danang. Nalika Danang ngerti
aku, dheweke age-age mlebu omah lan ngrangkul aku kanthi praupan kang rada
suntrut. Dheweke taksumanggakake lungguh.
“Kowe
kenapa ta Nang, sajak suntrut?” Pitakonku marang Danang.
Pitakonanku
mau ora banjur disemauri, nanging dheweke malah ngulungake ulem awarna biru
kang ngarepe ginambar kembang kang rinonce manis. Daktampa ulem saka Danang
mau, banjur dakbukak.
Kaya
ngapa rasane atiku, nalika maca tulisan jeneng wong kang kacethak ing ulem
kuwi. Jeneng kenya lan priya kang lagi gandrung mesthine. Jeneng wanita kang
lagi dakgandrungi. Nanging apes, dudu jenengku kang ngancani jeneng kenya kuwi ing
ulem manis kuwi. Ulem kuwi ngabari aku yen wanita kang dakgadhang-gadhang dadi
kanca uripku salawase, sedhela maneh bakal dadi duweke priya liya. Impen-impenku
sasuwene iki kudu punthes tekan semene.
“Owalah
Gusti, kok nelangsa tenan nasibku iki. Wanita kang daktresnani sasuwene iki sedhela
maneh bakal dadi duweke priya liya. Kula boten lila Gusti, boten lila.” Batinku
karanta-ranta. Tangan kiwaku ngusap raiku banjur memburi ngusap rambutku. Awaku
lemes, gegerke daksendherake ana ing bangku. Danang kang wiwit mau nyawang aku
kanthi praupan melas wiwit nyedhaki aku banjur neplek pundhakku.
“Aku
ngerti kaya ngapa rasane atimu. Sing sareh Pras, mbok menawa Yanti kuwi pancen
dudu jodhomu. Kabeh iki wus ginaris Pras. Aku precaya, Gusti bakal nyandhingake
kowe karo wanita kang luwih apik tinimbang Yanti. Jodho kuwi ora bakal kleru.”
Kandhane Pras ngeyem-eyem atiku.
Mung
ambeganku kang dawa sing bisa makili. Ulem mau dakseleh ana meja. Sikilku wiwit
mlangkah tumuju jendhela sisih tengen ruang tamu. Tangan loroku demek
pinggiraning jendhela. Mripatku tumuju menyang srengenge kang lagi saprotelon
dhuwure. Rada sauntara anggonku nyawang srengenge kuwi.
“Apa
kurangku to, Nang?” Pitakonku marang Danang kanthi mripat isih nyawang
srengenge.
“Ora
prakara kurang lan luwihe Pras. Nanging iki mau wus katetepane Gusti. Manungsa
ngendi wae ora ana kang bisa ngowahi.” Danang wiwit mlangkah marani aku.
“Aku
precaya kowe priya prakosa Pras. Kowe mesthi bisa nglakoni kabeh iki.”
“Nalika
aku menyang omahe Rati, aku pethuk karo Yanti. Dheweke banjur menehi aku ulem
sisan njaluk tulung menyang aku supaya menehake ulem iki marang kowe. Jarene,
dheweke isih ana akeh gaweyan kang kudu dirampungi.”
Katrangan
saka Danang mau nambah amba rasa lara kang nembe wae dakolehi. Dene, mung
mampir ing omahku wae dheweke nganti ora ana wektu. Dadi, sasuwene iki aku
dianggep apa karo dheweke. Dadi, ngene walesane Yanti marang aku. Rasa tresna
sing patang taunan iki ngubet atiku, diwales kaya ngene iki. Ora watara suwe,
Danang pamit marang aku. Sajake dheweke ngerti yen aku lagi pengin dhewe
dhisik.
Wiwit
Yanti lulus SMA banjur mlebu kuliah ing jurusan kebidanan, sing ngewangi wiwit
ndaftar, tes, nganti tekan golek kos barang kuwi aku sing nggolekake. Aku uga
wus kenal apik marang bapak lan ibune Yanti.
Aku
uga sok kerep kirim sms lan nelpon mung kanggo nakokake kepiye kabare. Malah,
yen lagi wayah prei lan aku kepengin bali menyang daleme bapak lan ibuku, Yanti
sok daktari arep bali bareng sisan apa ora menyang omahe wong tuwane. Amarga
pancen Yanti lan aku kuwi sedesa mung beda dukuh. Kebeneran uga, kuliahe Yanti
lan papan panggonanku kerja kuwi sakutha. Dadi bisa dakampiri.
Aku
pancen durung pernah ngaturake rasa tresnaku kuwi marang dheweke. Amarga aku
dudu wong lanang sing seneng dolanan, sing jarene pacaran. Ah, ora usah, wong
aku dhewe uga wis kenal dheweke lan kaluwargane apa anane. Ora prelu
pacar-pacaran.
Pernah,
ing salah sawijing wektu, aku nakokake marang Yanti, apa dheweke duwe priya
kang lagi ngisi atine. Semaure Yanti mung dheweke lagi pengin ngranggeh apa
kang dadi impen-impene sasuwene iki. Dheweke ora pengin mikir pacar dhisik.
Dheweke pengin tenanan kuliah dhisik. Rada lega atiku nalika krungu semaure
Yanti kang mangkono kuwi. Salah sijine sabab kena apa Yanti bisa dadi wanita
sing daktresnani kuwi saka pemikirane sing wus diwasa.
Aku
uga ora ana rasa curiga yen dheweke lagi nresnani priya utawa duwe pacar.
Sabab, yen dheweke bali menyang omahe wong tuwane kuwi kerep mbonceng aku.
Paling ora sesasi pisan. Anggonku ngeterke ya tekan omahe wong tuwane Yanti. Ya
sok ketemu karo wong tuwane barang. Lan, wong tuwane Yanti uga seneng yen weruh
Yanti, anake, bali bareng aku. Sanajan anggonku bali sesasi pisan kuwi mung
pengin weruh lan cedhak karo Yanti wae.
Akeh
impen-impenku sing wus dakronce. Rencanaku, sawuse dheweke wisuda, aku bakal
teka karo wong tuwaku ing omahe Yanti, saperlu nglamar Yanti dadi bojoku.
Saiki, aku uga lagi nabung kanggo tuku omah ing daerah cedhak kantorku. Mengko,
yen Yanti wus dadi bojoku, bakal dakboyong menyang omah anyar kuwi. Ing kono
uga, selot-selote Yanti golek gaweyan bidan ing rumah sakit cedhak kono banjur
mbukak praktek dhewe ing omah.
Ora ngertiya, impen-impenku lan usahaku
sasuwene iki muspra. Kudu dakkubur jero. Impen-impen kuwi kudu dakbuwang
sakadoh-adohe. Aku kedhisikan karo priya liya. Yanti dilamar nalika dheweke wus
rampung sidang TA. Dheweke dilamar salah sawijing dokter nom kang nyambut gawe
ing rumah sakit panggonane Yanti biyen PKL.
Galuh
Giyanti, jenengmu angel lunga saka ati iki, jeng. Embuh kapan bisa anggonku
nglali. Apa pancen bener, sliramu dudu kanggo aku. Aku durung siyap. Aku
ngrasa, kabeh usahaku sasuwene iki mung muspra blaka. Apa mbok manawa, ana
wanita liya ing njaba kana kang luwih pantes sinandhing karo aku tinimbang
awakmu. Embuh…
***(Cuthel)***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar