Minggu, 20 Desember 2015

ASMANIPUN PARA PUJANGGA LAN BUKU-BUKU RERIPTANIPUN



A.    ING JAMAN INDU (Saderengipun Jaman Majapait)
1.      Resi Abiyasa         : Mahabarata utawi Astadasaparwa, basanipun Sansekerta, kawontenanipun ing tanah Jawi sesarengan kaliyan ngajawanipun bangsa Indu. Dados Resi Abiyasa (Wiyasa) menika pujangga bangsa Indu.
2.      Resi Walmiki         : Ramayan, basanipun Sansekerta, lumebet ing tanah Jawi ugi sesarengan kaliyan ngajawanipun bangsa Indu. Resi Walmiki menika ugi pujangga bangsa Indu.
3.      Prabu Darmawangsa-Teguh (Ratu Jawa-Wetan 991-1007) : njarwakaken Mahabarata ngantos 9 purwa, inggih menika : adiparwa, Sabaparwa, Wirataparwa, Ud-yogaparwa, Bismaparwa, Asmarawasanaparwa, Mosalaparwa, Prastanikaparwa, kaliyan Swargarohanaparwa. (Parwa = perangan). Kajawi saking menika Sang Prabu ugi njarwakaken saperangan buku Ramayana-Walmiki, dipunwastani buku Utarakandha.
4.      Empu Kanwa        : Arjunawiwaha (jaman Prabu Erlanggga 1019-1042), pethikan saking Mahabarata parwa III (dipunjarwakaken)
5.      Empu Triguna       : Kresnayana (Jaman Kediri ± 1104), wosipun Kresna mbradhat Dewi Rukmini.
6.      Empu Manoguna   : Sumanasantaka (Jaman Prabu Warsajaya Kediri 1104), wosipun nyariosaken miyosipun Dasarata ing Ayodya.
7.      Empu Sedah          : Baratayuda (Jaman Prabu Jayabaya Kediri 1135-1157)
8.      Empu Panuluh`     : Gatutkacasraya kaliyan Hariwangsa (Jaman Prb. Kertajaya Kediri warsa 1183)
9.      Empu Darmaja      : Smaradhana (Jaman Prb. Kameswara Kediri warsa 1115-1130)
10.  Tan Akung            : Wretasanjaya kaliyan Lubdaka (Jaman Kediri wekasan)
B.     ING JAMAN MAJAPAIT
1.      Empu Prapanca     : Nagarakertagama
2.      Empu Tantular      : Arjunawijaya kaliyan Sutasoma utawi Purusadasanata.
C.     ING JAMAN ISLAM (Jaman Demak kaliyan Pajang)
1.      Sunan Bonang       : Suluk Wujil
2.      Sunan Panggung   : Suluk Malangsumirang
3.      Pangeran Karanggayam    : Nitisruti
D.    ING JAMAN MATARAM
1.      Sultan Agung        : Nitipraja, Sstragendhing
2.      Pangeran Adilangu           : Babad Pajajaran, Bd. Majapait, Bd. Pajang, Bd. Mataram
3.      Carik Bacra           : Damarwulan (sinawung ing tembang), Babad Kartasura
4.      Ranggajanur          : Pranatacitra, Dewi Rengganis
5.      Sunan Pakubuwana IV : Wulang-reh, Wulang-sunu
6.      Sunan Pakubuwana V : Serat Centhini
7.      R. Ng. Yasadipura I (Yasadipura Tus Pajang) : Cebolek, Babad Pakepung, Bd. Gyanti, Serat Rama, Serat Dewaruci, Ambiya, Tajusalatin, Serat Menak, Joharmanik, Nawai, Bustam, Wulang sewaka, Serat Panitisastra, Serat Lokapala.
8.      R. Ng. Yasadipura II (R. T. Sastranagara) : Sasanasunu, Wicarakeras.
9.      R. Ng. Sindusastra            : Arjunasasrabau (babon serat Kandha), Partayagnya (lakon Partakrama), Srikandi maguru manah, Sumbadra larung.
10.  K. G. Mnagkunagara IV   : Wedatama, Buratwangi, Sendonlangenswara, Panembrama, Tripama, Salokatama, Wirawiyata, Rerepen.
11.  R. Ng. Ranggawarsita       : Jayengbaya, Widyapradana, Hidayatjati, Jayabaya, Purwakaning serat Pawukon, Pustakarajapurwa, Rerepen Serat Tengahan, Sejarah pari sawuli, Uran-uran sekar Gambuh warni 7, Panitisastra, Baratayuda jarwa sekar macapat, Cakrawarti, Sidawakya, Pawarsakan, Darmasarana, Yudayana, Budayana, Pustakarajamadya, Ajipamasa, Witaradya, Ajidarma, Pambeganing Nata Binatara, Kalatida, Sariwahana, Purusangkara, Wedayatmaka, Wedaraga, Cemporet, Wirid, Paramayoga, Jakalodang, Sabdatama, Sabdajati.
12.  P. Kusumadilaga   : Serat Bale si gala-gala, Jagal Bilawa, Kartapiyoga (Endang Wrediningsih), Jaladara rabi, Kurupati rabi, Serat Sastramiruda, Serat Partadewa.
E.     ING JAMAN SAIKI (wiwit abad XX)
1.      Ki Padmasusastra  : Tatacara, Patibasa, Paramabasa, Warnabasa, Urabsari, Durcaraharja, Rangsang Tuban.
2.      M. Ng. Mangunwijaya      : Purwakanthi, Trilaksita, Jiwandana, Asmaralaya, Lambangpraja, Wuryalocita.
3.      R. Ng. Sindupranata         : Sawursari.
4.      R. Ng. Sastrakusuma        : Dongeng Kuna.
5.      R. T. Tandhanagara           : Pepeling, Baruklinthing.
6.      R. M. Suryasuparta (K. G. Mangkunagara VII) : Kekesahan saking tanah Jawi dhateng negeri Walandi.
7.      R. M. Sulardi                    : Riyanta, Sarwanta.
8.      R. Bratakesawa                 : Candrasengkala.
9.      Wiradad                            : Calonarang.
10.  M. Sukir                            : Abimanyu-kerem.
11.  Sastrasutarma                    : Bancak-Doyok mbarang jantur.
12.  Mas Somasentika              : Buta Locaya.
Kapethik saking : Ngengrengan Kasusastran Djawa II

Tidak ada komentar:

Posting Komentar