Sabtu, 19 Desember 2015

MENAK NGAJRAK


    
 



 
TUGAS AKHIR
RANGKUMAN MENAK NGAJRAK


Disusun oleh :
Nikmatul Munawaroh (26014141082)
Rombel III
Disusun guna memenuhi tugas akhir mata kuliah Membaca Pemahaman


Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Bahasa dan Sastra Jawa
Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Semarang
Tahun 2015








1. SANG AMIR NGIRIMAKE LAYANG TANTANGAN KANGGO PRABU JOBIN LAN PRABU NUSIRWAN
Wong Agung ngongkon kakange, Abas supaya nulis layang loro, siji kanggo raja Kaos nama Prabu Jobin lan siji maneh kanggo raja Medayin nama Prabu Nusirwan. Ingkang ngeterake layang yaiku Umarmaya. Sawuse ngerti kahanan ingkang ana ing pinggiring Bakdiatar, Umarmaya wedi, amarga saka akehing prajurit. Wusanane Umarmaya bali menyang ngarsane Amir. Umarmaya nyiratakake kepiye kahanan ing kono. Banjur, sang Jayengmurti mutusake supaya layang kuwi bakal dikirim nganggo panah yen ana ing papan perang. Teka-teka Prabu Tamtanus marani Panglima Jayengmurti seraya dhawuh yen dheweke kersa ngeterake layang kuwi. Wusana, Prabu Tamtanus kang ngeterake layang loro kuwi mau.
 Prabu Tamtanus teka ing pakemahan. Ing kono, Prabu Tamtanus ketemu karo Raja Laras. Ing kono wong loro kuwi padha jejagongan. Ngerti yen Prabu Tamtanus diutus ngeterake layang tantangan perang kanggo Prabu Jobin lan Prabu Nusirwan, Raja Laras nurut dhateng Raja Tamtanus lan mihak marang Gusti Amir (Prabu Jayengmurti).
2.      RAJA TAMTANUS MINANGKA UTUSAN AREP DIPATENI
Raja Tamtanus wus tekan ing pinggiring kemahe Prabu Nusirwan lan Prabu Jobin. Prabu Tamtanus nyerahake layang kuwi marang Prabu Nusirwan lan Prabu Jobin. Layang kang diaturke marang Prabu Nusirwan gage-gage dibukak lan diwaca dening Prabu Nusirwan. Ing layang kuwi, Prabu Jayengmurti njaluk supaya Prabu Nusirwan kersa nyerahke Prabu Jobin.
Ing wektu kuwi, Patih Bestak ngujuk-ujuki supaya Prabu Jobin ngutus prajurite supaya prajurite mateni Prabu Tamtanus saka buri. Pamanggih mangkono kuwi disetujoni dening Prabu Jobin. Prabu Jobin ngongkon loro prajurit supaya mateni Prabu Tamtanus saka buri. Nalika loro prajurit kuwi ana burine Prabu Tamtanus, Prabu Tamtanus langsung mlumpat sinambi medhang. Prajurit loro mau banjur tugel gulune. Dheweke ngamuk sinambi mlaku mundur marani jarane. Sawuse nunggang jaran isih karo nyerang. Kerise nyambar ngiwa nengen. Panggonan kono mau geger. Sawuse mateni wong akeh, banjur Prabu Tamtanus bali menyang Raja Laras.
Raja Laras kang krungu ribut-ribut mengkono kuwi banjur nyusul Prabu Tamtanus arep menehi pitulungan. Ing tengah dalan papasan karo Prabu Tamtanus, wong loro padha rerangkulan. Banjur bali bareng. Ing wektu kuwi Jayengmurti lagi dihadang dening pasukane Raja Laras. Banjur Raja Laras menehi pitutur yen Raja Laras wus pindhah agama lan ngabdi marang Prabu Jayengmurti. Wusana rakyate padha ngerteni.
Banjur Prabu Jayengmurti lan pasukane mangkat perang. Ngerti yen sing teka kuwi Prabu Jayengmurti, Prabu Jobin ngutus prajurite supaya nggawe panggung.
3.      RAJA KISTAHAM GUGUR
Para raja lan prajurit-prajurite kang ana ing pihake Prabu Jayengmurti wus teka ing papan perang. Prabu Jayengmurti langsung nantang perang marang pihake Prabu Nusirwan lan Prabu Jobin. Patih Bestak mangsuli tantangane Prabu Jayengmurti yen sing bakal nglawan yaiku Raja Kistaham. Ing perang kuwi, Raja Kistaham mati dening Prabu Jayengmurti. Ngerti yen ramane mati, anak-anake maju nglawan Prabu Jayengmurti, nanging kabeh anake uga mati. Raja Jobin nggumun ora jamak, banjur ngakon supaya pasukane mundur lan bali menyang pakemahan.
4.      PARA RAJA REWANGE PRABU JOBIN KALAH DENING SANG AMIR
Esuke sing maju perang yaiku Raja Andanbilis. Kelorone perang nganggo gada ora ana sing kalah nganggo keris uga ora ana sing sing kalah, banjur perang tanpa senjata. Raja Andanbilis diubeng-ubengke ing angkasa dening Prabu Jayengmurti banjur dibantingke manyang bumi. Prabu Andanbilis pingsan banjur ditali, ditahan dening pasukan Prabu Jayengmurti.
Raja Andanbilis ditakoni gelem apa ora mlebu agamane Prabu Jayengmurti. Raja Andanbilis mangsuli yen kuwi perkara gampang sing penting sedulur-sedulure kabeh bisa ditangkep nanging cacahe ora kena kurang. Yen mati, mati kabeh, yen urip, urip kabeh. Pinyuwune Raja Andanbilis disanggupi. Wusana, 6 dina wiwit dina kuwi Prabu Jayengmurti bisa nangkep 6 sedulure Raja Andanbilis urip-urip. 7 raja kuwi kersa pindhah agama. Dene, ing papan liya Prabu Jobin ngrasa sedhih amarga raja kepercayaane kuwi ketangkep kabeh.
Esuke sing maju nglawan perang Prabu Jayengmurti yaiku Prabu Jobin dhewe. Prabu Jayengmurti ngantemake gadane marang Prabu Jobin, Prabu Jobin tiba saka jaran tunggangane.
5.      SANG AMIR TATU BANJUR MLAYU MENYANG MEKAH
Nalika Prabu Jobin tiba banjur noleh buri menyang pasukane. Ing wektu kuwi, pasukane Prabu Jobin langsung nyerbu perang ing papan perang. Ngerti kahanan kang mangkono kuwi, pasukan Arab ora gelem kalah, padha melu nyerang. 8 dina perang kuwi kalaksanan, papan perang kuwi dadi segara getih. Perange kalaksanan nganti setengah sasi. Nalika Prabu Jayengmurti lagi turu ing dhuwure jaran, Prabu Jobin medhang Prabu Jayengmurti. Niate arep dikenakke gulune nanging malah kena bagian dhuwur kuping. Prabu Jayengmurti sing dipedhang kaget banjur nggudag Prabu Jobin nanging ora kecekel. Prabu Jayengmurti nunggang jarane lan mlayu menyang Mekah. Ing dhuwur jarane Prabu Jayengmurti pingsan.
6.      UMARMAYA LAN PARA RAJA BALI MENYANG MEKAH
Masyarakat Mekah gempar nalikane weruh Prabu Jayengmurti pingsan mangkono kuwi. Masyarakat Mekah ngira yen Prabu Jayengmurti wus mati. Dene, Umarmaya krungu surak-surake prajurit Kaos yen Prabu Jayengmurti wus mati banjur nggoleki Prabu Jayengmurti. Umarmaya weruh tapak sikile Kalisahak, jaran tumpakane Prabu Jayengmurti banjur ditutke jebul tekan Mekah.
Teka ing Mekah, Umarmaya ngerti yen masyarakat Mekah padha ngira yen Prabu Jayengmurti dikira wus mati. Ing kono Umarmaya menehi pitutur yen Prabu Jayengmurti durung seda. Banjur Umarmaya nemoni Arya Maktal. Arya Maktal dijak ngewangi perang. Arya Maktal sarujuk. Kekarone padha mangkat menyang papan perang ing Bakdiatar. Ing kono langsung nantang perang nanging ora ana sing wani nglawan. Banjur kekarone bali menyang pasukane ngajak rembugan lan bali menyang negeri Mekah. Arya Maktal lan para raja kang wus teka ing Mekah banjur nutup lawang kutha. Ing saben sisih dijaga ketat. Prabu Nusirwan lan Prabu Jobin sarta para prajurite banjur ngepung kutha Mekah.
7.      RETNA MUNINGGAR NYOLONG GANDUM MARANG KUBU PRABU JOBIN
Prabu Jayengmurti anggone ora sadhar nganti pitulas dina. Nalika dheweke wus sadhar, Prabu Jayengmurti njaluk marang garwane, Retna Muninggar supaya digawekke bubur banyu (bubur cair). Retna Muninggar banjur ngakon abdine supaya nggolek beras utawa gandum, para abdi wus nggolek tekan ngendi-ngendi nanging ora entuk. Retna Muninggar bingung, dheweke isin marang bojone. Pikirane cendhek. Dheweke ora gelem njaluk marang para raja. Wusana, dheweke nduwe gagasan arep nyolong gandum menyang kubune Prabu Jobin.
Dheweke banjur nyamar, salin klambi wengi persis klambi yen dienggo wong nalika arep nyolong. Dheweke metu saka lawang sisih kidul. Dening penjagane, Umarmadi ditakoni arep perlu apa. Banjur Retna nyemauri yen dheweke arep nyolong bandha pasukane Prabu Jobin amarga anak buahe padha kengelehen. Mengko yen wus kasil, Umarmadi bakal dibagei. Umarmadi sarujuk.
Retna Muninggar ingkang nyamar kasil mlebu ing pawon. Nalika lagi nggoleki barang-barang sing diperlukake krungu swara kumrumpyung. Pratandha yen ana maling. Pasukan Prabu Jobin ngira yen maling kuwi Umarmaya, mula ora ana sing wani nyedhak. Umarmaya krungu sayembara sing dianakake dening Prabu Jobin, yen sapa bisa nangkep Umarmaya bakal oleh ganjaran. Umarmaya bingung, gene dheweke ana kene kok bisa ana sayembara kaya mangkono. Mula Umarmaya nyamar dadi rakyate Prabu Jobin. Dheweke ndaftar supaya nglawan wong sing dikira Umaramaya kuwi. Banjur wus ketemu, Umarmaya ngerti yen kang nyamar kuwi Retna Muninggar. Retna Muninggar digawa bali dening Umarmaya kanthi mlupat adoh. Satekane ing jobo, Umarmaya ngumumake marang rakyate Prabu Jobin yen sing maling kuwi mau Retna Muninggar lan sing wani nandangi mau yaiku Umarmaya. Retna Muninggar ditakoni dening Umarmaya kenapa nganti maling. Retna mangsuli yen dheweke kentekan gandum mula dheweke nyolong. Gandum kuwi arep dienggo nggawekake bubur kanggo Prabu Jayengmurti. Umarmaya nuturi supaya Retna Muninggar njaluk wae marang para raja, sabab para raja mesthi nduwe gandum.
8.      UMARMAYA DADI MALING
Umarmaya rundingan karo Umarmadi supaya Umarmadi njaga lawang sisih kidul kuwi sabab Umarmaya bakal nyolong bandha-bandhane pasukan Prabu Jobin. Jebul ora mung bandha sing dicolong, nanging patih Bestak, Prabu Jobin lan Prabu Nusirwan uga dicolong dening Umarmaya. Carane yaiku nalika lagi padha turu banjur dibius lan dibopong dening Umarmaya. Umarmaya banjur laporan marang Prabu Jayengmurti yen dheweke kasil nangkep wong telu kuwi. Nanging Prabu Jayengmurti ora sarujuk. Amarga cara mangkono kuwi, nyolong, dudu cara kang ksatria, dudu carane prawira. Jayengmurti masrahake wong telu kuwi arep dikapakake dening Umarmaya, nanging mung siji welinge aja nganti dipateni. Wusana, Patih Bestak tebusane yaiku beras sewu onta dene Prabu Jobin ya padha yaiku beras sewu onta tur bakal dikirim sakteruse miturut kebutuhan. Crita ngenani Prabu Jobin lan Prabu Nusirwan perang marang Prabu Jayengmurti ora diterusake maneh.
Ing liya papan, ana Raja Ajrak kang lagi kalah perang nglawan raja raseksa yaiku Raja Imprit. Raja Ajrak nari pamanggih marang patihe yaiku patih Asanasil. Patih Asanasil menehi atur yen kapengin bisa ngalahake Raja Imprit lan bali menyang istanane maneh, bisa njaluk tulung marang manungsa kanga asale saka Mekah yaiku Prabu Jayengmurti.
9.      SANG AMIR DIJALUKI TULUNG DENING RAJA JIN
Banjur sang Raja Ajrak ngutus anake yaiku Sadatsatir karo Patih Asanasil supaya methuki Prabu Jayengmurti. Teka ing Mekah, ora ana sing bisa ngerti amarga dheweke iku jin mula ora ketok dening manugsa. Sarana, woh-wohan kang diwadhahi dulang kang didekke ing ngarepe Prabu Jayengmurti kuwi nembe bisa dingerteni yen sing teka kuwi jin. Banjur bapake Prabu Jayengmurti menehi pitutur marang anake, yen ana woh-wohan maneh ing ngarepe, Prabu Jayengmurti dikongkon supaya ngucapake “wabbi hakki kaomihi, ya Bagenda Sulemana” nembe jin kuwi bisa ketok. Patihe kuwi matur yen Sadatsatir kuwi sedulur susone Prabu Jayengmurti. Prabu Jayengmurti takon marang ibune apa bener dheweke nduwe sedulur suson. Ibune mbenerake yen dheweke nduwe sedulur suson. Amarga rupane mirip, kala Prabu Jayengmurti lan Sadatsatir isih cilik, ibune kliru nyusoni. Ibune Jayengmurti nyusoni Sadatsatir, ibune Sadatsatir nyusoni Jayengmurti. Sawuse kelingan kedadeyan kuwi, banjur Patih Asanasil ngutarakake niate sowan ing kutha Mekah, yaiku njaluk restu arep nggawa Prabu Jayengmurti arep dijaluki tulung nglawan raja raseksa. Ramane Prabu Jayengmurti mangestoni. Wusana mangkata Prabu Jayengmurti menyang negeri Ajrak.
10.  SANG AMIR PERANG KARO PASUKAN RASEKSA, MUSUH SANG RAJA JIN
Prabu Jayengmurti langsung diterke menyang negrine Raja Ajrak, negri kang sekabehane dibangun saka emas lan watu kang pating krelip. Negri kang saiki dikuwasani dening Raja jin. Patih Asanasil lan Sadatsatir ora bisa ngeterake teka cedhak amarga saking mambu amise. Prabu Jayengmurti mlebu menyang istana kuwi banjur njujug ing taman. Ing kono dheweke ketemu karo raseksa tukang nyiram wit-witan. Prabu Jayengmurti perang karo raseksa kuwi. Raseksa dipanah bola-bali ora mati-mati isih bisa tangi. Dene Prabu jayengmurti diuncali watu dening raseksa kuwi nanging bisa nyingkiri. Raseksa njaluk wektu kanggo ngaso. Prabu Jayengmurti sarujuk.
Ing wayah ngaso kuwi, Prabu Jayengmurti semedi. Sajroning semedi dheweke ditekani Nabi Hidir kang nggawa sego lan pindhang setenong. Nabi Hidir ngongkon Prabu Jayengmurti supaya mangan dhisik panganan kang wus digawa dening Nabi Hidir kuwi mau. Sarampunge mangan, Nabi Hidir menehi pitutur marang Prabu Jayengmurti yen pengin bisa mateni raseksa kuwi cukup dipanah pisan wae banjur ngomong menyang raseksa kuwi “ora perlu tak baleni nganti ping pindho. Pisan wae wis mechothot.” Banjur Prabu Jayengmurti bali perang karo raseksa kuwi. Nalika raseksa kuwi kena panah kapisan banjur njaluk supaya dipanah maneh. Prabu Jayengmurti nyemauri kanthi wangsulan kang wus diwasiatke dening nabi Hidir mau. Banjur raseksa kuwi mau mati.
Nalika kuwi, raja jin lan pengawale kang nembe wae bali saka alas njujug ing taman. Prajurite geger weruh raseksa penjaga taman mati. Krungu gegere para prajurit, Prabu Jayengmurti metu. Para prajurit weruh yen ana manungsa mlebu kadhaton kuwi, banjur laporan marang raja Jin. Raja jin ngakon supaya nangkep manungsa kuwi nanging aja nganti dipateni.
Bola bali saben raseksa arep nangkep Prabu Jayengmurti ora bisa. Malah akeh prajurite raja jin sing mati kaya kang kadadeyan karo raseksa penjaga taman mau.
11.  RAJA RASEKSA MATI DENING SANG AMIR
Geger mangkono kuwi, banjur sang raja raseksa tandang gawe dhewe. Sejatine, sang raja raseksa wus dipenging dening pasukane, nanging pasukane malah dipateni. Banjur raja jin kuwi nglawan Prabu Jayengmurti. Wusana raja jin kuwi mati dening Prabu Jayengmurti. Ngerti yen rajane wus mati, rakyat-rakyat jin kuwi ana sing isih wani nglawan nanging ora ana sing menang, mesthi tumeka ing pati. Sadhar yen Prabu Jayengmurti ora bisa dikalahake, banjur padha minggat. Prabu Jayengmurti saisa-isane nggudak, ana sing wus kecekel ana sing ora. Sing kecekel kabeh mati nganti entek pasukan jin kuwi.
Wusana, negeri Ajrak bisa dikuwasani meneh marang raja jin. Pesta dianakake kanggo mengeti yen raja jin lan rakyate wus bisa bali maneh menyang negrine. Pesta kuwi kelakon ing 7 dina. Ing wektu kuwi Prabu Jayengmurti matur marang Patih Asanasil yen dheweke pengin bali menyang Mekah. Patih Asanasil ngaturake pinyuwun kuwi marang raja jin. Raja jin mangestoni, nanging sadurunge bali, Prabu Jayengmurti dikongkon supaya ndelok kabeh kang ana ing kedhatone kuwi kalebu bangunan ing kaputrian.
12.  SANG AMIR AREP BALI MENYANG MEKAH DIBEGAL DENING RASEKSA
Wektu ndelok-ndelok kadhatano kanga akeh emas kuwi, Prabu Jayengmurti oleh nggawa apa sing dikepingini. Banjur dheweke njupuk mahkota sarta cemethi. Prabu Jayengmurti bali dikawal dening raseksa tahanane raja jin biyen. Ing tengah dalan nalika teka ing gunung Kap, Prabu Jayengmurti krasa ngantuk banget. Dheweke njaluk supaya mandheg. Dening raseksa kang ngawal dheweke ing kono kuwi matur yen papane elek, ora rata tur maneh dienggo dalan liwate para raseksa. Nanging Prabu Jayengmurti tetep ngeyel kudu mandheg.
Wusana mandheg tenan ing gunung Kap. Prabu Jayengmurti nganggo mahkota wenehan saka negri Ajrak mau, banjur Prabu Jayengmurti ora katon. Ing papan liya, Raja Pardiyu, anake raja Imprit nyiapake pasukan arep nyerang negri Ajrak maneh. Ing dalan weruh ana pelangka kang dijaga dening 2 rasesksa. Loro raseksa kuwi dipateni amarga kelorone ngaku ngeterke Prabu Jayengmurti nanging pranyata Prabu Jayengmurti ora ana. Raseksa pengawal Jayengmurti mau diganti dening raseksa saka pasukane Raja Pardiyu. Dene, Raja Pardiyu nerusake lakune nganti teka ing negri Ajrak. Pasukan jin sing ketekan para raseksa kuwi padha pingsan saking ora kuate mambu amise getih saka raseksa kuwi. Raja Ajrak dhewe amarga saking ora kuate banjur mlayu menyang jero alas.
Loro raseksa kang weruh baline Prabu Jayrngmurti langsung mlumpat arep nangkep Prabu Jayengmurti nanging ora kasil. Malah dening Prabu Jayengmurti, 1 raseksa dipateni sing siji maneh ditangkep banjur njaluk ngapura supaya ora dipateni. Banjur dening Prabu Jayengmurti ora dipateni nanging dikongkon supaya ngeterke dheweke menyang negri Ajrak. sikile raseksa sing sisih ditali banjur tali kuwi dugujengi saka buri dening Prabu Jayengmurti.
13.  SANG AMIR KECEMPLUNG ING ENDHUT
Prabu Jayengmurti ngerti yen dheweke dikhianati dening raseksa kuwi. Mula raseksa kuwi banjur dipateni. Dheweke mlaku dhewe nganti teka ing segara. Dheweke banjur nggawe prau saka wit kang wus ditegor diisi panganan lan banyu. Dheweke ora ngerti arahe menyang negri Ajrak mula sakarepe arus ombake wae sing nemtokake. Amarga panganane wus entek, Prabu Jayengmurti pingsan ing jero praune. Prabu Jayengmurti nembe sadhar nalika praune wus teka ing pinggir pulo. Mudhun saka praune jebul tanah ing kono kuwi endhut. Prabu Jayengmurti saya suwe saya ambles nganti mung katon sirahe.
Ing alas, raja jin ngakon patihe supaya nenun gene kok raseksa kang ngawal Prabu Jayengmuti ora lekas bali lan piye kahanane Prabu Jayengmurti. Jebul raseksa kang ngawal prabu Jayengmurti mati, dene Prabu Jayengmurti kecemplung ing endhut. Patih Asanasil nulungi Prabu Jayengmurti. Sawuse Prabu Jayengmurti awake wus pulih, Prabu Jayengmurti diterke dening Patih Asanasil menyang negri Ajrak saperlu nglawan Raja Pardiyu.
14.  SANG AMIR DHAUP KARO PUTRI JIN
Ing ngarep gerbang mlebu kedhaton, Prabu Jayengmurti bengak-bengok. Banjur gawe ribut. Prajurit-prajurite raja Pardiyu dipateni dening Prabu Jayengmurti. Ngerti yen pasukane padha mati, Raja Pardiyu tandang gawe dhewe. Wusanane Raja Pardiyu uga mati. Bala tentarane akeh sing padha mlayu, wedi amarga ngerti yen rajane wus tumeka ing pati.
Wusana negeri Ajrak bisa dikuwasani maneh dening raja jin. Ing negri Ajrak dianakake pesta. Saka pesta kuwi, Prabu Jayengmurti weruh putri mbarep saka raja jin. Saking ayune, Prabu Jayengmurti kesengsem karo Dewi  Ratna Ismaya kuwi. Banjur dheweke nglamar putri raja jin kuwi banjur nikah. Dene ing Mekah, ana layang teka ngabarake supaya pasukan Arab pindhah papan panggonan yen kentekan panganan. Yen wis mepet 18 taun supaya pindhah menyang kutha Katijah lan tinggal salawase ing kono.
15.  SANG AMIR PEPUTRA NAMA DEWI KURAISIN
Isi layang kuwi mau dilaksanaake. Ingkang pisanan, pasukan Arab pindah menyang negri Nastani. Suwene manggon ing kono patang taun. Saka Nastani pindah maneh menyang wilayah kerajaane raja Sarkap. Saka negri Sarkap pindah maneh menyang negeri Sekaji. Sawuse patang taun manggon ing kono banjur pidhah maneh menyang negeri Mahribi. Telung taun manggon ing kono banjur pindhah lan manggon salawase ing negeri Katijah. Saben pasukan Arab pindhah mesthi ditutake dening pasukan Medayin lan Kaos yaiku pimpinane Raja Nusirman lan Raja Jobin.
Dene ing negeri Ajrak, Prabu Jayengmurti wus peputra siji nama Retna Dewi Kuraisin. Ing wektu kuwi Prabu Jayengmurti kang mangku anake lan garwane lagi lungguh cecaturan banjur Prabu Jayengmurti ngomongke para garwane kang ana ing Mekah. Krungu Prabu Jayengmurti ngalem garwa-garwane kang ana ing Mekah gawe panasing atine Retna Dewi Ismaya. Retna Dewi Ismaya nesu lan ngungkit-ungkit garis keturunane kekarone, dibandhng-bandhingake. Mula saka kuwi Prabu Jayengmurti nesu banjur milih bali menyang negerine. Raja jin ngutus bala tentarane supaya ngawal Prabu Jayengmurti nganti teka ing negrine. Dene, Retna Dewi Ismaya banjur lunga menyang angkasa karo nggawa putrine.
Bersambung marang Menak Demis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar