Nalika pangurbanan wus nora kajen
Among geretaning lambe tipis,
Ngiwa lan nengen kang kalukis
Nadyan ing kono
Ing sajroning batin kang suci
Tansah karanta-ranta
Nahan mbludaging murka
Kang kaurug tanpa sinuda
Eman,Yen kelingan jaman samana
Bumiku katon ijo royo-royo
Saiki?
ijo iku maleh klawu, ngger...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar