Uripku saben dina ing
dalan
Kancaku kringet, panas
lan adhem
Cekelanku mung kricikan
Duitku mung recehan
Nanging..
Isih ana kang bisa
disykuri
Aku oran dhewe
Aku duwe kanca kang
sumeleh ing ngendi wae
Aku isih bisa mangan
Sanajan mung kucingan
Dongaku konjuk marang
Gusti
Muga uripku iki bisa
dadi tuladha
Marang wong kang lagi
lali
Marang donya kang dadi
rebutan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar