Rabu, 16 Desember 2015

#CERKAK# Nganggo Rasa



                                          
Wengi iki, sawuse sholat maghrib lan maca yasin, kaya adate yen malem Jemuah, aku lungguh ing bandulan iki. Bandulan kang sarat kenangan marang Bapak. Wengi iki aku kangen banget karo suwargine Bapak. Umpama wae Bapak isih sugeng, bakal dakuntabake sekabehane uneg-uneg ing jero atiku sasuwene iki.
Tangan tengenku nggujengi tali bandulan kang ana ing sisih tengen, dene tangan kiwaku nggujengi tali bandulan kang ana ing sisih kiwa. Sirahku daksendherake ing tali bandulan sisih tengen, manja. Panyawangku ngarah menyang lintang kang gumandhul ing  langit kang padhang. Ngawang, yen Bapak ana ing sakupenge lintang kuwi. Ora krasa eluhku mili. Aku kangen banget karo Bapak, aku pengin ketemu Bapak.
Isih kelingan welinge suwargine Bapakku. Nalika jaman semana, aku isih TK, aku lagi dolanan bandulan kang ana ing sisih wetan omah. Bandulan kuwi lagi wae dadi. Pancen aku sing nyuwun marang suwargine Bapak supaya nggawekake bandulan. Aku njajal bandulan kuwi kanthi dikancani Bapak. Nalika bandulan kuwi mandheg, Bapak ndhodhok ing ngarepku. Aku kang isih lungguh ing bandulan kuwi bisa kanthi cetha nyawang pasuryane bapakku kang resik tur bagus. Nalika kuwi bapak mundhut pirsa marang aku.
 “Seneng ora ndhuk, karo bandulane?” Pitakone Bapak marang aku kanthi esem kang manis. Esem khase Bapak kanthi pipi sisih tengen ana dhikike. Lan dhikik kuwi tumurun menyang aku lan Mbak Hayu.
“Yo seneng banget o pak. Bandulane penak dienggo dolanan. Matur nuwun ya pak.” Wangsulanku marang Bapak kanthi rupa manja khase cah cilik.
“Dhik Tyas, Dhik Tyas ngerti ora, sababe apa kok bandulan iki apik tur ya penak dienggo dolanan?”
“Apa ya? Em, yake amarga taline padha yake pak. Yen taline ora padha mengko rak dadine jonjing. Dadi yen jonjing ditumpaki ya ora penak. Iya ora pak?”
“Anake bapak iki pancen pinter.” Wangsulane Bapak kanthi njiwit alon pipi tengenku sing jarene wong-wong, pipiku nalika kuwi isih kuning mumpluk-mumpluk, nggemesake. Aku, sing dijiwit mung mesem manja.
“Nanging Dhik Tyas, ana bab liyane kang gawe bandulan iki penak dienggo dolanan.” Sambunge Bapak.
“Apa kuwi pak?”
“Bandulan iki dadi kepenak dienggo, amarga bapak nggawene nganggo iki.” Bapak ndemek dhadhane.
Ngendikane Bapak nalika kuwi, yen tumindak apa-apa kuwi kudu didhasari kanthi ati kang tulus, sing ikhlas tembe apa kang dilakokake awake dhewe bakal dadi berkah tumprape awake dhewe. Sing penting nganggo ati, nganggo rasa. Aku sing nalika kuwi isih TK, isih durung mudheng karo sing dingendikakake Bapak, tumindak nganggo rasa, kathi ati kang tulus, sing ikhlas.
Nalika kuwi, Bapak menehi tuladha saumpama menehi jajan marang kancane, kuwi kanthi praupan kang sumeh, ora amarga mengko entuk balen liyane. Tembe bakal dadi berkah kanggone awake dhewe tur sing diwenehi uga bakal seneng atine. Nyenengake atine wong liya kuwi rak pahala.
Wiwit kuwi, yen aku menehi barang marang sapa wae, aku kelingan welinge Bapak nalika kuwi. Aku ora jaluk balen tur ya kanthi praupan kang sumeh. Bener sing dingendikakake suwargine Bapak, wong sing takwenehi mau pasuryane katon seneng.
Eman, watara rong minggunan saka kadadeyan ing bandulan kuwi, Bapak ditimbali kondur dening Gusti Allah. Aku lan kaluwarga sedhih banget. Nanging, ibuku lan mbakku, Mbak Hayu kuwi wong-wong sing kuwat. Ibu, kang miturutku sadhar, yen saiki kendali kaluwarga ana ing Ibu. Mula Ibu kang nguwatake aku lan mbak Hayu sajrone kasedhihane nalika ditinggal Bapak. Ibu uga sing nggagas yen saben malem Jemuah, sakaluwarga bareng-bareng tahlil lan maca yasin, kirim donga menyang para leluhur utamane Bapak. Muga-muga Bapak dipanggonake ana ing papan kang endah ing sisihe Gusti Allah.
Saya suwe aku saya paham karo apa kang dingendikakake Bapak. Ora ing bab menehi wae, ing bab tetulung aku saya nggunakake rasaku, nggunakake atiku. Sapaninggalane Bapak, ekonomi kaluwargaku rada mudhun, ora kaya nalika Bapak isih sugeng. Kanggo kabutuhan saben dinane, Ibu isih bisa ngandhalake kios ing pasar. Nanging saya rene, kabutuhan kaluwargaku saya akeh. Ora bisa mung njagakake kiose Ibu.
Telung taun sapungkure sedane Bapak, Mbak Hayu mlebu SMP. Kuwi ateges ragade saya akeh. Mbak Hayu akal-akal mbantu ekonomi kaluwarga kanthi dodolan jajanan pasar. Sejatine, ibu menging Mbak Hayu dodol jajan. Amarga miturut Ibu, ragad kuwi dadi tanggungane Ibu. Mbak Hayu lan aku tugase mung sinau. Nanging Mbak Hayu tetep wae nekad, Mbak Hayu uga wis janji marang Ibu yen aktivitase sing iki ora bakal ngganggu sekolahe. Malah Mbak Hayu matur yen kanthi cara kuwi Mbak Hayu bisa nglatih jiwa mandirine.
Dene anggone Mbak Hayu bisa gawe jajan kuwi sinau saka buku resep lan internet. Pancen mbakku iki yen perkara masak takakoni pinter banget. Jajan-jajan mau didol ing pasar, dicangking Ibu yen tindak pasar lan salong dititipake ing kantin sekolahan.
Ing salah sawijing dina, ing gerbang sekolahku, watara setengah jam anggonku ngenteni mbak Hayu. Wus dadi adate yen aku bali sekolah bareng karo mbak Hayu. Ora kaya adate kok rada suwe. Malah saka sisih kulon, katon Pakdhe Japar lagi nitih sepeda motor. Pakdhe Japar mandheg ing sangarepku. Jebul pancen pakdhe Japar arep  mapag aku. Pasuryane pakdhe Japar rada suntrut. Aku nyuwun pirsa kenapa kok malah Pakdhe Japar sing mapag aku, kok dudu mbak Hayu.
“Mbak Hayu kena musibah, ndhuk. Mbak Hayu kacilakan. Didongakke wae ya supaya mbak Hayu age-age waras.”
Dheg, atiku gemeter. Kena apa mbak Hayu? Apane sing lara. Muga-muga larane ora parah. Sawuse wangsulane Pakdhe Japar kang mangkono mau, aku mung bisa meneng. Aku ora langsung diajak bali menyang omah, nanging diajak menyang rumah sakit.
Tekan ing rumah sakit, aku ora weruh mbak Hayu. Jebul Mbak Hayu lagi dioperasi. Sikile Mbak Hayu sing sisih tengen wiwit dengkul mengisor kudu diamputasi. Aku sedhih krungu kabar kaya mangkono mau. Mesakke tenan mbak Hayu, mbakku sing bocahe sregep tur ya ngerti marang kaluwargane kuwi kudu nandang musibah kaya mangkono.
Aku lungguh ing bangku dawa awarna putih. Awakku lungkrah, lemes. Aku mung bisa meneng wae. Ora krasa eluhku mili dleweran. Kaya-kaya bisa ngrasakake lara kang dirasakake mbak Hayu. Bapak, sanalika aku kelingan Bapak. Umpama wae Bapak isih sugeng, rak ya ana kang bisa nguwatake atiku, atine Ibu lan atine Mbak Hayu utamane.
Akeh kang ngeneng-ngeneng lan ngeyem-eyem aku. Aku isih karo nangis, nratabi nasibe mbak Hayu. Dumadakan, ana tangan alus lan lembut kang ngusap sirahku banjur raiku, ngusapi eluhku. Takdhangakake raiku supaya bisa ndelok sapa kang ngelus-elus sirahku. Jebule ibu. Sanalika, awake ibu takrangkul krekep sakenane. Ibu katon luwih tabah lan kuwat ngadhepi pacoban kuwi.
Ibu banjur lungguh ing sisihku. Ngeneng-eneng aku lan ngeyem-eyem aku. Ibu uga ngendikan, supaya mbak Hayu didongakake supaya cepet mari. Nanging, aku kang nalika kuwi isih SD kelas telu isih durung bisa nampa kasunyatan yen sikile mbak Hayu kudu diamputasi.
“Nanging, Bu, mesakke mbak Hayu, mengko ora bisa dolanan bareng meneh karo aku, Bu. Ora bisa, numpak sepeda meneh mbocengke aku yen mangkat karo bali sekolah. Mesthi ora bakal kaya biyen maneh, Bu.” Kandhaku marang Ibu, isih karo menjap-menjep.
Wangsulane ibu gawe ayem atiku. Ngendikane Ibu, amarga Gusti Allah kuwi tresna karo Mbak Hayu, mula Mbak Hayu diparingi pacoban kang mangkono kuwi. Amarga Mbak Hayu kuwi bocah kang tabah, kuwat. Ibu precaya, yen Mbak Hayu bakal bisa ngliwati kabeh pacoban kuwi mau. Semana uga Ibu lan aku, ngendikane Ibu, yen awake dhewe bisa ngliwati kabeh iki kanthi lila, ikhlas, sabar tembe bakal dadi berkah kanggone awake dhewe.
Watara jam lima sore, operasine lagi rampung. Aku karo Ibu wus entuk mlebu niliki kahanane Mbak Hayu. Mbak Hayu isih katon lemes. Ibu lan aku ngampiri Mbak Hayu. Ibu marani Mbak Hayu ing sisih tengen, dene aku nyedhak ing sisih kiwane. Saya cedhak karo Mbak Hayu, tangan loroku mbungkem irung lan lambeku. Kaya-kaya isih ora precaya karo apa kang lagi dilakoni Mbak Hayu. Saya cedhak eluhku ora bisa takampet, terus mili dleweran. Nalika wus cedhak, awake Mbak Hayu takrangkul sakenane.
Ora ana esem manise Mbak Hayu ing kono. Esem manis kang biasane diterusake kanthi nyeluk jenengku kanthi lengkap, “Tyas Sasmita…” yen lagi mapag aku ing ngarep gerbang sekolahku.
Rangkulanku mau, diwales elusaning tangane Mbak Hayu kang ditempleki selang infus, marang sirahku. Tangan kuwi bisa dakrasakake angete, gumeter. Mbak Hayu melu nangis. Ibu uga melu nangis. Ibu ngelus-elus sirahku, sirahe Mbak Hayu banjur diarasi.
Kurang luwih sepuluh dina saka kadadeyan kuwi, Mbak Hayu wus entuk bali. Anggone mlaku Mbak Hayu nganggo bantuan jagrak. Mbak Hayu rada kikuk ing wiwitane, nanging saya suwe wus biasa. Nganti seprene, aku lan Ibu isih genti genten mbantu Mbak Hayu. Mbak Hayu uga wong kang ora kakeyan rewel. Dheweke uga sadhar ora pengin nambah beban kanggo wong liya. Mbahku, kakung lan putri uga sok nyambangi omahku, nyambangi Mbak Hayu.
Tekan seprene, aku isih nyoba kuwat, tabah lan sabar. Dakrasak-rasakake uripku sawuse Mbak Hayu kacilakan kuwi saya nyedhihake. Biyen, nalika ditinggal Bapak, aku isih bisa ngguyu amarga isih ana Mbak Hayu sing bisa ngajak aku gojek lan dolanan. Saiki, malah wong sing sok ngajak aku ngguyu kuwi kena musibah. Aku nduweni tekad, bakal golek cara supayane bisa nyambung sikile Mbak Hayu, embuh piye carane. Aku ngutarakake niatku nerusake dodolane Mbak Hayu marang ibu. Ibu wiwitane ora setuju. Amarga aku isih cilik tur maneh, golek dhuwit kuwi tanggungane Ibu. Kabeh alesan takaturake Ibu utamane supaya bisa nyambung sikile Mbak Hayu, supaya Mbak Hayu lan aku bisa dolanan bareng maneh.
Sanajan jajanan sing bisa dakgawe ora luwih saka separo saka jajanan sing biasa digawe Mbak Hayu, nanging tekad kuwi tetep ana. Aku bisa, amarga biyen nalika Mbak Hayu gawe jajan, aku melu ngewangi. Ngelingi yen aku isih cilik, yaiku umurku isih ngancik sepuluh taun, Ibu kang gawe jajane yen wayah esuk, dene sing ngedolke yaiku aku. Aku tetep ikhlas lan precaya yen usaha iki ora bakal muspra. Aku nindakake kabeh iki, kanthi rasa tresnaku marang mbakku, Mbak Hayu.
Dina iki, sawuse bali sekolah, aku mampir dhisik menyang makame bapakku. Aku pengin crita akeh karo Bapak.

“Bapak, dhik Tyas sowan pak. Bapak, Dhik Tyas pengin crita akeh. Dhik Tyas kangen banget karo Bapak. Bapak ngerti to yen Mbak Hayu nembe wae kacilakan. Sikile Mbak Hayu tugel pak. Dhik Tyas mesakke karo Mbak Hayu. Dhik Tyas kelangan eseme Mbak Hayu pak. Eseme sing saiki isih kaslimutan duka, pak. Piye ya pak, carane nglipur Mbak Hayu, dene Dhik Tyas dhewe isih sok melu sedhih. Nanging, Mbak Hayu uga katon sabar lan kuwat pak. Dhik Tyas kudu luwih kuwat saka Mbak Hayu pak. Dodolane jajan Mbak Hayu dakterusake pak, sanajan sing gawe jajan Ibu dene Dhik Tyas mung ngewangi. Nanging, Dhik Tyas uga sambi sinau kok pak. Mengko supaya ora ngrepoti Ibu. Ibu yen esuk rak ya kudu nyiapake dagangane ing kios. Saka dodolan kuwi, dhuwite mengko bakal takanggo ragad operasi sambung sikile Mbak Hayu pak. Kira-kira pira ya pak? Dongakke ya pak supaya dagangane Dhik Tyas laris, dhuwite cepet nglumpuk akeh, mengko Mbak Hayu supaya bisa operasi sambung sikil banjur bisa dolanan meneh karo dhik Tyas. Amarga sawuse Mbak Hayu kacilakan, Dhik Tyas rada kesepian.”
“Dhik Tyas uga wiwit ngerti apa kang nate Bapak ngendikakake, tumindak nganggo rasa, kanthi ati kang tulus, lila, sing ikhlas. Dhik Tyas nglakokake kabeh mau kanggo Mbak Hayu. Jalaran saka rasa tresnane Dhik Hayu marang Mbak Hayu. Kaya biyen kae nalika Bapak nggawekake bandulan kanggo Dhik Tyas, jalaran saka tresnane Bapak marang Dhik Tyas. Cukup semene dhisik ya pak, Dhik Tyas nyuwun dongane Bapak, supaya Mbak Hayu enggal bisa operasi sambung sikil lan Mbak Hayu, Ibu lan Dhik Tyas bisa nglakoni kabeh iki kanthi rasa kang tulus, lila lan sabar.” Aturku ing sangarepe makame Bapak. Sanalika, ana kembang kamboja tumiba ing sangarepku.
Sadurunge ninggalake makam, aku ndonga dhisik. Banjur aku pamitan marang Bapak.
“Dhek Tyas pamit pak. Sesuk-sesuk Dhek Tyas mampir maneh. Assalamu’alaikum…”
****(Cuthel)****
Dening : Nikmatul Munawaroh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar