Thok-thok-thok,
kaprungu swara lawang tinothok. Bu Tarti age-age mbukak lawang. Bareng lawang
dibuka dening bu Tarti, katon pawongan kang ngadeg ing ngarep lawang mau kanthi
polatan kang surem.
“Bu Ndari, Mangga bu pinarak
nglebet.” Bu Tarti nyumanggakake tamune mau kang ora liya bu Ndari, kang duwe
kontrakan.
“Ora perlu bu, tekaku rene dakkira
bu Tarti ya wis mudheng. Aku mung arep nagih janji sampeyan.” Wangsulane bu
Ndari kanthi tangan sedhakep.
“Nyuwun pangapunten bu. Estu,
samenika kula dereng gadhah arta bu. Kula nyuwun kalonggaran setunggal minggu
malih nggih bu.” Pinyuwune bu Tarti kanthi praupan melasi.
“Alah, alah, wus kabethek bu.
Sampeyan kuwi semayane seminggu seminggu wae. Bu, takelingake maneh ya, sampeyan
iku wus nunggak telung sasi. Aku ya butuh dhuwit bu. Yen pancen sampeyan wus ra
kuwat mbayar kontrakan, aja ngontrak kontrakan iki maneh. Sing golek kontrakan
ya akeh bu. Bisa dakkontrakake marang wong liya kang dhuwite luwih lancar
tinimbang sampeyan.” Anggone ngendika kanthi mbesengut.
“Sepisan malih nyuwun pangapunten
ingkang kathah bu, kula lan bapake bocah-bocah dereng wonten arta. Kula nyuwun
kalonggaran setunggal minggu malih bu. Menawi sam…” Durung tutug anggone
ngendika bu Ndari munggel ature bu Tarti.
“Wis, wis bu. Aku jeleh krungu
ngendikane sampeyan sing kaya ngono saben dina. Wus ngene wae, takkeki wektu
seminggu maneh. Nganti tekan seminggu maneh sampeyan durung bisa nglunasi,
sampeyan kudu lunga saka kontrakan iki.” Welinge bu Ndari sinambi lumaku bali
ninggalake kontrakan iku.
Sapaninggalane bu Ndari, bu Tarti
lemes. Atine saya tatu. Eluhe dleweran nelesi pipi. Dheweke nglungguhake awake
ana ing kursi. Nata ati lan nata batine. Pikirane tekan ngendi-endi. Kang dadi
pikiran yaiku kepiye carane nglunasi tunggakan kontrakan iki. Dene, dheweke lan
bojone tenan-tenan durung duwe dhuwit. Sadurunge, dheweke durung tau nunggak
nganti telung sasi. Ya mung telat anggone bayar nanging ora nganti telat telung
sasi kaya saiki.
Sadurung-sadurunge, dhuwit kang
kanggo bayar kontrakan kuwi wus ana, nanging kaluwargane bu Tarti malah kena
musibah. Anak ragile, Laras kena DB mula kudu dirawat ing rumah sakit. Dhuwit
kang dianggo bayar kontrakan dikanggokake ragad rawat inape anak ragile mau.
Kuwi wae isih direwangi ngutang rana ngutang rene.
Isih
nganggo seragam SMP komplit, kanthi laku thimik-thimik, Riski, anak mbarepe bu
Tarti marani bu Tarti kang lagi nangis ana ing kursi. Nalika bu Ndari mara ing
omah kontrakan iku, Riski uga ngerti nanging ora banjur mlebu omah. Riski
banjur lungguh ing sisihe ibune kanthi mandeng raine ibune. Eluh kang mili ing
pipine ibune dilapi.
Ngerti
tindake anake kuwi, bu Tarti age-age ngelapi eluhe dhewe. Dheweke ora pengin
ngatonake kasedhihane marang anake. Dheweke ngajari marang anak-anake yen urip
kuwi aja nyerah karo kahanan, kudu sabar ngadhepi pacoban apa wae saka Gusti
Allah. Amarga sapa kang sabar bakal diasihi dening Pangeran lan sapa kang sabar
wusana bakal amrih kamulyan.
Nanging
Riski kuwi pancen bocah kang ngerti. Dheweke wus bisa ngrasakake apa kang lagi
dirasakake dening ibune. Sanajan lanang, saben mulih sekolah dheweke ngewangi
ibune ngumbahi amarga gaweyane ibune yaiku dadi tukang buruh cuci.
“Wus
ta bu, aja nangis wae. Ibu rak ya wus nate ngendikan marang aku lan dhik Laras,
yen urip iku kudu sabar. Ngendikane guru agamaku yen rejeki kuwi wus diatur
bu.” Kandhane Riski marang ibune.
Krungu
anake kandha mangkono kuwi, sanalika eluhe bu Tarti mili saya deres. Banjur
anak lanange kuwi dirangkul krekep lan diarasi bathuke. Ing batine, bu Tarti
ngucap syukur dening Gusti kang wus paring putra kang ngerti marang wong tuwa
kaya dene Riski iki. Ora dinyana dening Bu Tarti geneya anake kang isih umur
13-an taun kuwi bisa ngucap kaya mangkono mau.
Watara
jam setengah 10-an bengi, nalika anak-anake wus padha turu, Bu Tarti matur
marang garwane bab tagihan tunggakan kontrakan mau.
“Pak,
bu Ndari awan mau teka mrene. Nagih dhuwit tunggakan maneh.” Bu Tarti miwiti
ngendika.
“Lha
piye bu, bapak ya lagi durung ana dhuwit bu.” Wangsulane Pak Yanto ora duwe
daya.
“Taksemayani
seminggu maneh. Nanging yen nganti seminggu maneh awake dhewe durung bisa
nglunasi, awake dhewe kudu lunga saka kontrakan iki pak.”
“Lha
arep golek utangan sik apa piye?”
“Utang
marang sapa maneh pak? Aku kuwatir yen ra kuwat mbayar. Amarga awake dhewe iki
wus kakehan utang pak.”
“Sesuk
njajal taknembung karo pak Sardi. Marga pak Sardi kuwi rak wonge rada apikan
bu, tur ya loman”
“Aku
manut wae Pak, piye apike.”
“Sing
penting dongane aja pedhot bu. Percaya wae yen Gusti kuwi ora bakal nguji umate
sajabane wates kamampuwane”
“Iya
pak”
Bu
Tarti banjur lunga memburi nyingkiri wedang bekas unjukane garwane mau.
Ing
dina sabanjure, sabanjure sadurung bali menyang omah, pak Yanto sowan menyang
omahe pak Sardi saperlu golek utangan. Nanging apes, pak Sardi lagi ora ana
dhuwit longgar. Amarga dhuwite lagi arep dianggo nglebokake kuliah anake ing
kebidanan.
Pak
Yanto bali menyang omah kanthi mikir ing ngendi dheweke kudu golek silihan.
Tekan ing omah, bu Tarti ora langsung takon marang bojone kasil apa ora anggone
golek utangan. Nalika wus mari kesele,
Pak Yanto nembe cerita yen dheweke ora kasil nyilih dhuwit marang pak Sardi.
Riski
krungu pacelathonane bapak karo ibune mau. Dheweke uga mikir piye carane
dheweke mbantu wong tuwane. Satlemaran ing pikirane njedhul ide. Dheweke sesok
niat arep mbolos sekolah dhisik. Dheweke kapengin kerja dadi tukang semir.
Nanging, aja nganti bapak karo ibune weruh yen dheweke bakal kerja dadi tukang
semir sepatu.
Wayah
esuk ing dina sabanjure, Riski tetep pamit marang ibune arep mangkat sekolah.
Dheweke uga tetep nganggo seragam komplit. Nanging, ing jero tase wus
dicepakake salin lan piranti kang digunakake kanggo nyemir. Sejatine dheweke
uga rada kuwatir lan ngrasa dosa amarga ngapusi marang wong tuwane. Nanging
rasa kapengin mbantu wong tuwane kuwi kang njalari dheweke nglakokake kabeh
kuwi.
Papan
kang dadi tujuan utamane yaiku terminal. Ing pikirane wong-wong ing terminal
kae akeh, sapa ngerti ana sing kapengin nyemir sepatu. Apa maneh wayah iki
bleduge akeh banget. Satekane ing terminal, dheweke ganti klambi lan nyiapake
samubarang piranti kanggo nyemir. Sakabehane wus sumadya, kanthi ngucap
bismillah dheweke njangkahake sikil arep golek pelanggan.
Wus
setengah jam, anggone wira-wiri nawakake jasa semir sepatu, nanging durung ana
kang nggunakake jasane. Ing kono, dheweke ngrasakake yen golek dhuwit kuwi
rekasa. Dheweke ora kawates ana ing jero terminal wae, nanging uga metu ing
jaba terminal. Ing ngarep took-toko lan ngendi wae kang akeh wong.
Nganti
jam 12 awan, dheweke lagi entuk dhuwit wolulas ewu. Ateges, lagi wong nem kang
nggunakake jasane mau. Dheweke banjur leren mangan, amarga krasa ngeleh.
Dheweke mangan karo sega kang digawani ibune saka omah. Pancen wus dadi pakulinan,
yen dheweke sekolah kuwi disangoni sega dening ibune. Dadi mengko ing sekolah
ora perlu jajan. Nanging, uga ora ateges ora disangoni dhuwit. Tetep disangoni
nanging ora akeh.
Sarampunge
mangan, Riski krasa pengin menyang buri. Banjur dheweke menyang WC. Nalika wus
mlebu ing salah sawijining WC, Riski kaget weruh ana dhompet gumlethak ana
sapinggiring kolah. Dhompet mau dibuka. Ing kono isine dhuwit kang ora
sethithik, uga ana KTP, STNK, Kartu Kredit lan liya-liyane. Dheweke gumeter
nyekel dhompet mau bareng weruh isine.
Rada
suwe anggone mikir. Arep dibalikake apa ora dhompet kuwi. Pikirane, dhuwit kuwi
akeh, bisa dianggo bayar tunggakan kontrakan. Nanging, kuwi mau tumindak kang
ora becik. Dheweke bingung. Banjur metu ninggalake WC kuwi. Dhompet mau isih
digawa dening Riski.
Sawuse
pikirane rada padhang, dheweke banjur tumuju menyang mushola saperlu sholat
luhur. Sabubare sholat luhur, Riski ngrasa luwih ayem. Pikirane bali menyang
dhompet mau. Nanging saiki dheweke wus ngerti arep diapakake dhompet kuwi mau.
Wus diputusake, yen sesuk awan dheweke bakal mbalikake dhompet mau. Ing
pikirane, dhuwit kuwi mau pancen bisa mbantu dheweke sakaluwarga kanggo bayar
tunggakan kontrakan. Nanging, kepiye yen kang duwe dhompet luwih mbutuhake.
Nganti
tekan sore, dheweke mung bisa nggawa bali dhuwit 33 ewu. Dheweke banjur bali.
Sadurung bali, Riski ganti seragam sekolah luwih dhisik. Tekan omah, Riski
ditakoni marang ibune, kena apa kok baline sore. Wangsulane Riski yaiku amarga
dheweke nggarap tugas kelompok karo kanca-kancane. Dening bu Tarti dipercaya
wae.
Ing
omah, pikirane Riski isih durung ayem. Arep matur karo wong tuwane nanging wedi
yen malah wong tuwane duka marang dheweke. Mula, mung dipendhem wae lan dhompet
mau disimpen ana ing sajroning tas sekolahe.
Dina
sesuke, Riski wus ora pati kepikiran marang dhompet mau. Kaya dina wingine,
dheweke pamit mangkat sekolah marang wong tuwane nanging sejatine dheweke arep
lunga menyang terminal, nyambut gawe dadi tukang semir sepatu.
Nganti
jam 2 awan, Riski oleh dhuwit 42 ewu. Rada akeh tinimbang dina wingine. Jam 3
Riski wus tata-tata arep mbalikake dhompet kuwi menyang alamat kang ana ing
KTP. Dheweke mangkat numpak angkot. Suwene watara sejam. Dheweke didhunake
dening sopir angkot ing dalan mlebu komplek perumahan. Sajake komplek rumah
dinas. Ora angel nemokake omah kuwi.
Dheweke
banjur mencet bel kang ana ing pinggir lawang. Ora suwe lawang dibukak dening
wong lanang kang umure watara 27-an taun. Wong lanang kuwi nyumanggakake Riski
mlebu ing ruwang tamune kanthi sumeh. Ing batine Riski, dheweke ngalem wong
lanang kuwi. Saliyane bagus, gagah lan resik wong lanang kuwi uga duwe polatan
kang sumeh.
“Wonten
perlu menapa dhik?” Pitakone mas-mas mau sawuse nyelehake wedang.
“Makaten,
mas” Riski, anggone ngomong rada wedi.
“E,
napa leres niki daleme pak Bayu Setyanggara?” Anggone matur ditutugake.
“Leres
dhik, kula Bayu Setyanggara. Wonten prelu menapa nggih, dhik?”
Riski
wus ora kuwat nyemauri, wedi yen salah ngomong. Dhompet diselehake ing meja
sangarepe Bayu. Nalika Riski nyelehake dhompet mau, Bayu ngerti tandha laire
Riski kang ana ing tangan tengene. Bayu kelingan marang ponakane sing embuh ana
ngendi, kang uga duwe tandha lair kang memper kanya nggone Riski iki. nanging,
mbok manawa mung memper, ngono pikirane.
“Oh,
matur nuwun ya dhik. Sik, dhompet iki kok bisa digawa sampeyan?”
Banjur
Riski nyeritakake larah-larahane kepiye dheweke nemu dhompet kuwi.
“Matur
nuwun tenan ya dhik, anggonku nggoleki ya wus tekan ngendi-ngendi lho. Sik,
jenenge adhik sapa, kok malah durung tetepangan?”
“Kula
Riski, mas”
Dheg,
sanalika Bayu kelingan maneh marang ponakane kang jenenge uga Riski lan uga
duwe tandha lair ing tangan tengen. Iki ora bisa dikandhakake mung kebeneran.
Kanggo ngyakinake atine, dheweke takon maneh marang Riski.
“Jengkepe
Riski sapa dhik?”
“Muhammad
Riski Pratama”
Kaya
ana banyu kang tumetes ing kalbune Bayu. Riski banjur dirangkul. Riski kang
dirangkul bingung. Dene, kang ngrangkul eluhe mili dleweran kanthi ngucap
syukur kang gawe Riski saya bingung.
Nalika
atine Bayu rada tumata, dheweke ngeculake rangkulane. Dheweke mesthikake jeneng
bapak lan ibune Riski. Jebule cocok.
“Le,
Riski, iki mas Bayu Le, Mas Bayu. Kowe lali, Le karo Mas Bayu?” kandhane Bayu
kanthi soroting mata kang nyiratake kebungahan. Bungah amarga nemokake ponakane
kang wus suwe pisah pitung taun amarga bencana lindhu ing tanah kelairane.
Wiwit
Bayu umur pitung taun, pancen Bayu diopeni dening Pak Yanto lan bu Tarti,
paklik lan bulike, amarga wong tuwane loro wus ora ana kabeh, dene dheweke anak
tunggal. Pitung taun kapungkur, nate ana lindhu gedhe ing Jogja, papan uripe
Pak Yanto lan kaluwarga. Lindhu kuwi ngrubuhake bangunan lan omah-omah kanthi
kurban mati lan lara kang ora sithik. Nalika kadadeyan lindhu, Bayu lagi ora
ana omah. Bayu lan kaluwargane Pak Yanto siji lan sijine padha golek-golekan.
Wus suwe anggone padha golek-golekan, nganti tekan sesasi durung ketemu.
Banjur, Bayu diangkat anak dening salah sawijining kaluwarga. Sateruse urip ing
kutha Jakarta. Kaluwarga kuwi ngopeni Bayu kaya anake dhewe nganti disekolahke
tekan pawiyatan luhur lan saiki dadi PNS lan dipanggonake ing Semarang. ing
Semarang, dheweke wus duwe omah dhines kang saiki dipanggoni.
Riski
banjur diterke bali dening Bayu. Bayu wus ora sabar kapengin ketemu marang
paklik lan bulike kang wus dianggep kaya wong tuwane dhewe. Krungu ana swara
mobil mlebu plataran omahe, Pak Yanto metu. Nalika katon pawongane Pak Yanto,
Riski langsung ngrangkul paklike kuwi mau. Pak Yanto kang dirangkul bingung.
Ing rangkulan kuwi, Bayu ngomong yen dheweke kangen, anggone nggoleki ora
uwis-uwis. Bayu ngira yen Pak Yanto lan kaluwargane wus seda kabeh. Dheweke
banjur kandha yen dheweke, Bayu, ponakane Pak Yanto.
Krungu
Bayu kang kandha mangkono mau, Pak Yanto melu nangis. Tangane sing maune
nggejejer, wiwit ngrangkul pundhake ponakane mau kang saiki luwih gagah tur
bagus. Wusana, sakaluwarga padha tangisan.
Bayu
disumanggakake mlebu. Pak Yanto anggone crita akeh banget kalebu kepiye dheweke
lan kaluwarga ninggalake kutha Jogja, kutha kang kena lindhu kae lan pindhah
menyang Semarang, kutha kang saiki dipanggoni. Nganti crita perkara kang lagi
diadhepi dening Pak Yanto sakaluwarga.
Wusana,
Pak Yanto lan kaluwargane dadi siji menah karo Bayu manggon ing omah dhinese
Bayu. Utang-utange Pak Yanto uga bakal diewangi mbayar dening Bayu. Iku ora
sepiraa yen dibandhingake karo welas asihe paklik lan bulike sasuwene iki.
***Cuthel***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar