Sabtu, 19 Desember 2015

#GURIT# Ipit Ijo



Ipit ijo kuwi
Yen kelingan nambah tatu ing jero ati
Kacethak jenengmu ing ipit kuwi
Sarta tanggal kang mesthi wigati
Ora among jenengmu kang tinulis
Nanging ana jeneng Kenya liya
Nanging dudu aku
           
Dukaku ing kono
Ipit kuwi tandha janji sucimu
Nanging uga tandhamu
Kang nerak pager janjimu marang aku
Pager iki rubuh sak lebur-lebure
Ninggalke tatu kang jero

Tidak ada komentar:

Posting Komentar