Yung…
Endi gegodhongan kang ijo?
Yung…
Endi manuk-manuk kang cumriwis?
Yung…
Endi bumiku kang ayu?
Apa wis
ilang kaendahane?
Pega-pega
klawu iku ngrungkebi bumiku
Nandang
duka ing pirang-pirang papan
Warta keluk kumebul kuwi wus tekan
ngendi-endi
Jebul
dunya wus amburadul
Amarga tingkahe para gundhul-gundhul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar