Kethap-kethip mata iki
Nalika jiwa liya wus
nglayap tekan negara mimpi
Sukma iki isih ngawang
Tindak tanduk kang
nembe dilakoni
Embuh pener apa malah
keblinger
Ngglebag ngiwa ngglebag
nengen
Durung bisa merem
Isih kabayang polah mau
awan
Isih kakehan pikiran
Tidak ada komentar:
Posting Komentar