Sabtu, 19 Desember 2015

Baliswara



Inggih menika pamaliking ukara tumrap ing gatra tembang. Samangsa menika dipunprelukaken, amargi mburu guru-lagu, ingatasipun tiyang ngarang tembang wenang ngagge ukara walikan. Tuladhanipun kados :
1.      Tumprapipun ukara gancaran, kedah : “Anoman sampun malumpat”
Kangge gatra tembang, saged dipunewahi amargi mburu guru lagunipun, dados : “Anoman malumpat sampun”
(Kinanthi ing gatra wiwitan)
2.      Ingatasipun ukara gancaran, kedah : “Lamun tanpa sastra sepi kagunan”
Kangge gatra tembang, seged : “Lamun tanpa sastra kagunan sepi”
(Pangku ing gatra kapindho)
3.      Tumrap ukara gancara, kedah : “Si ula iku yen njaluk ngndelken mandining wisa (ne)”
Kangge gatra tembang, kenging : “Si ula ngendelken iku, mandining wisa yen nyakot”
(Gambuh rong gatra ingkang wekasan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar