Inggih menika basa
utawi tembung ingkang dipunkerata, inggih menika dipuntegesi kanthi kapirid
saking wanda utawi kecap-kecapaning tembung menika, dipunothak-athik biasanipun
mathuk, utawi dipungothak-gathukaken miturut sunduk-prayoganipun.
Tuladha :
1.
Bapak :
bab apa-apa pepak
2.
Desember :
gedhe-gedhene sumber
3.
Garwa :
sigaraning nyawa
4.
Guru :
digugu lan ditiru
5.
Gusti :
bagusing ati
6.
Januari :
udan sehari-hari
7.
Kodhok :
teka-teka ndhodhok
8.
Kuping :
kaku tur njepiping
9.
Kupluk :
kaku nyempluk
10.
Prawan :
yen pepara (dolan) kudu wayah awan
11.
Tirakat :
tirahing tekad
12.
Tuwa :
ngenteni metuning nyawa
13.
Wedang :
we ing di dang = toya ingkang sampun dipungodhog.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar