Sabtu, 19 Desember 2015

#GURIT# Onthel



Rodha loro gedhe-gedhe
Kang saiki wus pating mleyok
Sedhel kang wus suwek katon isine
Ruji-ruji kang sereting tetesan oli
Cet kang wus padha nglethek
           
Biyen, onthel iki
Kancaku menyang endi-endi
Adus bareng ing kalenan pernah dilakoni
Mblusuk bareng menyang tetean uga pernah dumadi
Aspal uga kerep diarasi

Onthel, onthel..
Mbok Manawa saiki wayahmu leren

Tidak ada komentar:

Posting Komentar