TRADHISI
DHAWETAN SAPI ING DUKUH KLIMAS DESA SENDANG KECAMATAN KARANGGEDE
KABUPATEN BOYOLALI
NIKMATUL
MUNAWAROH
BAHASA
JAWA, FAKULTAS BAHASA DAN SENI, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
Nikmatul.Munawaroh12@yahoo.co.id,
085729912832
Tembung
kunci : tradhisi, sapi, dhawet
Tradhisi
dhawetan sapi yaiku tradhisi kang dilaksanakake dening wong kang duwe
sapi kang nembe wae manak. Kagiatan tradhisi iki yaiku kanthi cara
dodolan dhawet marang tangga teparo utawa sapa wae kang mertamu ing
omahe wong kang sapine manak lan anggone tuku nganggo cuilaning
gendheng minangka alat mbayare. Tradhisi dhawetan kuwi dilaksanakake
minangka wujud sukur marang Gusti ing atase rejeki kang wus
diparingake arupa pendhet kuwi mau. Metode kang digunakake yaiku
metode observasi lan terjun langsung. Hasil saka observasi kasebut
kasunyatane saperangan masarakat Klimas, Sendang, Karanggede,
Boyolali kuwi isih nglaksanakake tradhisi kasebut. Amarga masarakat
kuwi mau precaya yen sapi kuwi mau minangka salah sawijing dalan
rejekine.
- PENDAHULUAN
- Latar Belakang
Kabupaten Boyolali
yaiku kabupaten kang misuwur minangka salah sawijining sentra gedhe
dhewe anggone ngasilake susu sapi seger ing Jawa Tengah. Saking akehe
produksi susu sapi ing Kabupaten Boyolali, njalari Kabupaten Boyolali
dijenengi kutha susu. Paternakan sapi perah umume ana ing wilayah
kidul Kabupaten Boyolali lan ampahan dhuwur kang hawane adhem, amarga
sapi perah kang lagi dikembangake saiki asale saka dhaerah sub-tropis
Australia lan Selandia Baru.
Nanging, ing dhaerah
lor, kaya ing Kecamatan Karanggede, para paternak sapi ora nernak
sapi perah nanging sapi kang dijupuk daginge. Ing kecamatan kuwi, ana
salah sawijining tradhisi kang cukup unik, yaiku tradhisi dhawetan
sapi. Tradhisi iki dilaksanakake nalika ana sapi kang manak. Tradhisi
turun tumurun saka nenek moyang kuwi isih dilaksanakake nganti tekan
saiki.
- Rumusan Masalah
- Kaya ngapa prosesi tradhisi dhawetan sapi?
- Apa tujuwan saka tradhisi dhawetan sapi?
- Apa fungsi saka tradhisi dhawetan sapi?
- Landasan Teoritis
Tradhisi yaiku hasil
saka pikiran lan tumindak kang anduweni pola. Saengga tradhisi yaiku
wujud saka kabudayan kang kabudayan kasebut yaiku kompleks aktivitas
tumindak berpola saka manungsa sajroning masarakat.
Dene dhawetan sapi
kabentuk saka rong tembung yaiku dhawet lan sapi. Dhawet yaiku salah
sawijing ombenan khas Indonesia yang digawe saka cendhol, gula jawa
lan santen. Rasa saka ombenan dhawet iki legi. Dhawet ing Indonesia
dhewe ana maneka warna jinise. Amarga dhawet ing dhaerah siji bisa
beda karo dhawet ing dhaerah liyane. Dene sapi yaiku salah sawijing
kewan. Sapi dhewe ana loro jinise. Yaiku sapi perah lan sapi kang
dijupuk daginge kanggo dikonsumsi.
- METODE OBSERVASI
Ing observasi iki
diwiwiti saka golek ide. Banjur, metode observasi kang digunakake
yaiku wawancara. Saka metode wawancara, perangan kang dadi fokus
yaiku wujud tata cara, fungsi lan tujuwan saka tradhisi dhawetan sapi
kasebut. Saliyane migunakake metode wawancara, panulis uga terjun
langsung sajrone tradhisi dhawetan sapi kuwi.
- HASIL LAN PEMBAHASAN
Gambar 1. Dhawet
Gambar
2. Sapi
Ing
ngisor iki yaiku hasil saka observasi penulis :
- Tradhisi Dhawetan Isih Dilestarikake
Tradhisi dhawetan
sapi isih dilestarikake nganti tekan saiki dening masarakat dukuh
Klimas, Sendang, Karnggede, Boyolali. Budaya iki minangka budaya
turun tumurun saka nenek moyang. Budaya dhawetan sapi iki isih
dilestarikake sabab ing dhaerah Kabupaten Boyolali kuwi sentra
peternak sapi utamane sapi perah, nanging mangkono masarakat kang
ternak sapi pedaging uga akeh. Para peternak ngrumat sapi-sapine
kanthi apik, salah sijine yaiku kanthi tetep nglestarikake tradhisi
kasebut. Iki disebabake, salah siji dalan rejeki para peternak yaiku
lewat sapi-sapi kasebut. Adhedhasar saka kuwi, masarakat isih
nglaksanakake tradhisi kuwi kanthi sadhar, dudu amarga tradhisi saka
nenek moyang.
- Tata Cara Dhawetan Sapi
Tradhisi dhawetan
sapi dilaksanakake dening wong kang duwe sapi, kang sapi kuwi nembe
wae manak. Umume, nalika sapi kasebut manak, dening sing duwe bakal
dijaga lan diawas-awasi nganti sapi kang nembe wae manak lan pedhete
sehat. Para paternak sapi njaga sapi lan anak sapi kuwi mau kaya dene
njaga ibu lan bayi manungsa. Yen kira-kira sapi lan pedhet kasebut
wus sehat lan bisa ditinggal, mula wong kang sapine manak mau banjur
ninggal sapi lan pedhet mau.
Sawuse, sapi lan
anak sapi bisa ditinggal, kang duwe sapi (lumrahe kaum ibu-ibu)
nggawe ombenan dhawet. Cara nggawe dhawet uga gampang. Ing ngisor iki
tata carane gawe dhawet:
- Masak santen nganti umub.
- Encerake gula jawa.
- Lebokake cendol ing jero gelas sacukupe, kira-kira 2 sendok makan. Tambahake santen lan gula jawa kang wus diencerake. Lan dhawet siap diladekake.
Sawuse dhawet
kasebut dadi, sing duwe sapi manak mau mbagikake dhawet mau marang
tangga teparo sakupenge omah utawa marang tamu kang lagi mertamu.
Luwih pase, dhawet kuwi mau ora diwenehake nanging didol. Ing kene
panggonan kaunikane. Dhawet kasebut ora dituku karo dhuwit anging
nganggo pecahan gendheng. Pecahan gendheng kuwi uga ora angel anggone
nemukake. Pecahan-pecahan gendheng isih bisa ditemukake ing sakupenge
omah penduduk desa. Ing adat tetuku dhawet iki, biasane saben wong
bakal entuk sagelas dhawet.
- Fungsi Lan Tujuan Dhawetan Sapi
Wujud kabudayan
yaiku minangka kompleks tumindak manungsa kang anduweni pola
sajroning masarakat (Koentjaraningrat, 1997: 5). Mula saka kuwi,
tradhisi dhawetan sapi minangka wujud kabudayan masarakat Jawa. Ing
kabudayan masarakat Jawa, saben tradhisi utawa kabudayan liya nduweni
fungsi lan tujuwan.
Tujuwan saka
tradhisi dhawetan sapi iki yaiku minangka wujud sukur marang Gusti
kang wus maringi rejeki arupa pedhet. Ing pranata masarakat Jawa,
rasa sukur ora cukup ana ing pocapan wae nanging uga kanthi laku.
Mula dianakake tradhisi dhawetan sapi kasebut.
Ing pranata
masarakat Jawa, rasa seneng kuwi dibagekake marang wong liya. Iki uga
katon ing tradhisi dhawetan sapi. Wong kang duwe sapi manak, bakal
nggawe dhawet kang sabanjure dibagekake marang wong-wong ing
sakupenge. Wong-wong kang entuk (tuku) dhawet kasebut bakal melu
ngrasa seneng ing atase laire pedhet mau. Mula ing kene, bakal katon
rasa paseduluran kang kenthel ing antarane masarakat. Dadi, fungsi
saka tradhisi dhawetan sapi iki kanggo mbagek-bagekake rejeki,
ngraketake tali paseduluran lan nglestarikake tradhisi.
- PENUTUP
Salah sawijing
tradhisi kang tekan saiki isih dilestarikake dening masarakat Jawa
yaiku tradhisi dhawetan sapi. Tradhisi dhawetan sapi iki
dilaksanakake nalika ana sapi manak. Dene wujud saka tradhisi iki
arupa dodolan dhawet dening kang duwe sapi marang tangga teparo utawa
tamu kang lagi mertamu ing omahe wong kang sapine manak mau. Kang
unik saka tradhisi iki yaiku anggone tuku dhawet nggunakake cuwilan
gendheng minangka alat mbayare. Tujuwan saka tradhisi iki yaiku
mudjudake ras sukur marang Gusti kang wus paring rejeki arupa pedhet.
Saran kanggo
masarakat, supaya tradhisi dhawetan sapi isih tetep dilestarikake
supaya ora luntur. Yen bisa dikembangake maneh amarga tradhisi iki
tradhisi kang sederhana (dudu tradhisi kapasitas gedhe).
Dikhawatirake saking sederhanane tradhisi iki, sajrone nglaksanakake
saya digawe gampang, wusana anak putu ora ngerti kanthi jelas bab
tradhisi dhawetan sapi kuwi.
DAFTAR PUSTAKA
Koentjaraningrat.
1997. Kebudayaan, Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta : PT Gramedia
Pustaka Utama
Tidak ada komentar:
Posting Komentar