Panganten Putri Kalenggahaken ing
Sasana Rinengga
(sinubagya ungeling Gendhing
Ketawang Puspawarna Slendro Manyura)
Binarung swaraning pradangga munya
angrangin, ana ganda arum angambar angebeki jroning sasana pawiwahan, nulya
kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane panganten putri
ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana
rinengga.
Sampating busana ingkang angemba
busananing prameswari nata, tinon saking mandrawa abyor mompyor pating galebyar
pating calorot, katempuk ing pandam kurung ingkang angrenggani, lamun cinandra
kadya kilat asesiring.
Amucang kanginan denira lumaksana
panganten putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana sumunu
agilar-gilar kadya kencana binabar, sunaring netra andamar kanginan.
Wewenging pranaja singset kapathet ing
ageman, pindha cengkir gadhing piningit, yayah anjebol-njebolna mekak madya
ingkang minangka setubandaning sarira.
Kicating pada katon pating galebyar
dening rerengganing canela ingkang tinaretes ing sesotya nawaretna, ginantha
ing wardaya candrane kaya wredhu angga sasra lumaku ing wanci dalu.
Prapteng madyaning sasana pawiwahan
kagyat kagora kang apindha sitaresmi inggih musthikaning pawiwahan, dene uninga
sanggyaning para tamu kakung sumawana putri, wus kebak ber ambalabar angebekti
jroning pawiwahan, nganti kaya andhoyong-ndhoyongna pancake sujining pandhapi
agung bale winangun. Marwa tumanduking raos ingkang dahat tumanem ing kalbu,
yayah linobong jroning wardaya, kelem karoban ing memanis, ingkang tuhu tan
kawawa cinitra ing ukara.
Prapteng unggyan ingkang tinuju dening
panganthining panganten putri ingkang pinaragan dening Ibu Kartini sumawana Ibu
Suharsi, musthikaning pawiwahan gya kinanthi kalenggahaken ing sasana pinajang,
nagrantu laksitaning adicara ingkang wus rinantam.
Nalika samana kawistara sri
pinangantyan wus lenggah anggana raras.
(sasampunipun panganten putri lenggah,
gangsa kasuwuk).
Kapethik
saking : Tuntunan Kagem Para Panatacara tuwin Pamedhar Sabda
Dening
: Rama Sudi Yatmana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar