Miturut Bausastra Jawa anggitanipun S.
Prawiro Atmodjo (344) purwakanthi inggih menika tetembungan ingkang sami
swantenipun utawi aksaranipun.
Ingkang dipunwastani purwakanthi swara
inggih menika menawi wonten tembung ingkang sami swantenipun (huruf vokal)
sajroning saukara. Dene menawi ingkang sami aksaranipun (huruf konsonan)
dipunwastani purwakanthi sastra.
Sanesipun purwakanti swara kaliyan
sastra, wonten ugi purwakanthi basa utawi lumaksita inggih menika salah
satunggalipun tembung ing ukara menika wau, dipunambali maneh ing ukara
salajengipun.
1. Purwakanthi Swara
Tuladha :
a.
Gemi setiti ngati-ati
b.
Sing jujur
bakal makmur
c.
Becik ketitik, ala ketara
d.
Dipundhi-pundhi amrih lestari
2. Purwakanthi
Sastra
Tuladha :
a.
Kalung kula kalih
b.
Sluman slumun slamet
c.
Tata, titi, titis, lan teteh
d.
Aja dengki
lan degsura
3. Purwakanthi
basa/lumaksita
a.
Adil makmur, makmur kanggo nusa lan bangsa.
b.
Kakang adhi, adhine luwih pinter, pintere durung
ana sing madhani.
c.
Nyuwun donga pangestu,
pangestune Ibu prelu, prelu kanggo sangune
ngaurip.
d.
Jalma manungsa minangka titah,
Titahing Gusti tan ana
kang ngerti,
Ngertia ora bakal bisa
nolak,
Nolaka kae ora bakal
kaduluran (kelakon).
Kapethik saking : Marsudi Basa lan Sastra Jawa
dening Priyanto & Sawukir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar