Senin, 21 Desember 2015

Aku Kangen





Marang dhalang, aku kangen trampil sabetane
Marang sindhen, aku kangen cengkok swarane
Marang niyaga, aku kangen gumyak surake
Marang gamelan, aku kangen ngranging kumandhange
Marang wayang, aku kangen eklas sumarahe
Marang blencong, aku kangen langgeng uripe
Marang panggung, aku kangen ndhuwur kuncarane

Aku kangen marang dhalang ngrapal jantur!
Aku kangen marang sindhen nglaras langgam!
Aku kangen marang niyaga pesta senggak!
Aku kangen marang gamelan asung gendhing!
Aku kangen marang wayang ngrengkuh lakon!
Aku kangen marang blencong murub wahyu!
Aku kangen marang panggung nyipta kondhang!


Kapethik saking : Antologi Geguritan Bledheg Segara Kidul
                                                                                    Anggitanipun Turiyo Ragilputra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar