Inggih menika ukara pepindhan ingkang ajeg dhapukanipun, kadadosan saking tembung watak
sinambung kaliyan tembung aran. Biasanipun, gandhenganipun tembung watak
kaliyan tembung aran menika wau nggadhahi teges enggal.
Tuladha :
Anteng kitiran =
Polahe, rongeh banget / ora bisa meneng
Tegesipun, sakanteng-antengipun kitiran mesthi wonten
obahipun. Biasanipun dipungathukaken kaliyan tingkahipun bocah ingkang boten
saged mendel, obah kemawon. Menawi dipuntrepaken wonten ing ukara, kados
makaten :
“Bocah kok anteng kitiran, wiwit mau ana wae sing
diutheg”
Dhuwur kencur =
Dedege cendhek
Tegesipun, kencur menika rak panggenanipun tumempek
kaliyan lemah. Jarak antawisipun lemah kaliyan kencur menika namung sekedhik
(boten dhuwur). Kados wonten ing ukara ing ngandhap menika :
“Calone
Eko kae, dhuwur kencur”
Legi bratawali =
Rasane pait banget
Tegesipun, raosipun bratawali menika pait. Boten wonten
bratawali menika raosipun legi. Dados saklegi-leginipun bratawali tetep kemawon
raosipun pait. Saged dipunpirsani ing ukara menika :
“Pil mau rasane legi bratawali”
Kuru semangka =
Bobote lemu
Tegesipun, semangka menika bobotipun abot, antep. Dados
sakuru-kurunipun semangka tetep abot, tetep antep. Tuladha ing ukara kados
makaten :
“Suwe ora tau ketemu, nalika ketemu kok awake dadi kuru
semangka”
Abot kapuk =
bobote entheng
Tegesipun, kapuk menika entheng. Sakathah-kathahipun
kapuk menika bobotipun entheng. Menawi dipuntrapaken wonten ing ukara, kados
makaten :
“Anggone nyangking kok sajak abot kapuk, kamangka dheweke
nyangking kranjang blanjan”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar