Sabtu, 19 Desember 2015

BASA ENDAH LAN BASA LUMRAH



Gagasan ingkang dipunmiyosaken sarana basa, menika wonten ingkang miyosaken kanthi basa ingkang lumrah, waton supados lawan micaranipun paham maksudipun. Nanging, wonten ugi ingkang nata basanipun kanhi sae, runtut, ngantos dados basa ingkang endah.
Makaten ugi manawi tiyang nyerat layang, ngarang, wonten ingkang nengenaken wosipun kemawon dados isinipun saged dipunmangertosi dening tiyang ingkang maos. Wonten ugi ingkang nggatekaken basanipun, ngudi kanthi temen-temen supados dhapukaning basanipun saged nglenggahi Kasusastran, inggih menika saged mujudaken basa ingkang isi kaendahan.
Ing ngandhap menika basa lumrah dipunewahi dados basa endah.
1.      Wiwit isih bocah cilik, (aku) tansah ngalami ora kapenak, kerep nemu cilaka.
Basa endahipun : cilik mula, uripku tansah ketula-tula.
2.      Kekarepan kang ora becik, manawa diuja, bisa njalari rusaking donya.
Basa endahipun : sedya ala, yen den uja, bisa mbabar dadi rubeda kang ngreribedi.
3.      Kandhamu kang mangkon iku rak bisa marakake eling marang panggawe sing kurang prayoga.
Basa endahipun : kandhamu kang mangkono iku, nggegalak racak, nenang kemreki, ngungkat-ungkat singgat.
4.      Saiki aku wus tuwa, umurku wis luwih saka satengah tuwuh.
Basa endahipun : saiki aku wus tuwa, mungguha srengenge, wis adoh saka pletheke, cedhak marang surupe.
5.      Ora ana sabab apa-apa, ujug-ujug Pak Guru kok banjur duka.
Basa endahipun : ora ana udan, ora ana barat, Pak Guru kok duka dadakan.
6.      Watake si Suta, yen wis mbrengkunung ora kena dieluk. Yen kebener gampang, lah diprentah apa wae ya tumandang.
Basa endahipun : watake si Suta iku yen kaku kaya alu, yen lemes kena ginawe tali.
7.      Kowe kok banjur wedi iku geneya, ta?
Basa endahipun : wedi-wedi, apa kang dadi wadimu, ta?
8.      Yen uripmu niru cara kulonan, mesti bakal nandang ora kapenak. Paroya nganggoa carane bangsamu dhewe, supaya bisa tentrem uripmu.
Basa endahipun : manawa paranmu mangulon, aran marani pepeteng, prayoga mangetana, marga ing sisih wetan iku sangkaning pepadhang.
9.      Guru punika kedah gadhah manah sabar, ageng pangapuntenipun.
Basa endahipun : guru punika kdah awatak sabar, maklum, momot lan mengku.
10.  Boten nginten babar pisan manawi rembagipun tiyang punika badhe mencla-mencle.
Basa endahipun : boten nyana boten ndipe bilih rembagipuntiyang punika badhe mencla-mencle, bebasan ening kedhele, sonten tempe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar