Inggih
menika dayanipun sastra, dayanipun aksara. Aksara dipunanggep nggadhahi daya,
inggih menika daya mbrengengeng. Nanging, menika naumng tunrap aksara Jawa.
Ater-ater
anuswara ingkang boten luluh kaliyan purwaning lingga, tumrap tembang kang
kaserat ing sastra jawa, kedah dipunwaos kados wujudipun ater-ater, boten
kenging namung kawaos aksaranipun grana sesigegipun ater-ater menika kemawon.
Samangsa, ater-ater menika njalari luwihing guru-wilangan, kedah dipunicali
kemawon, lire : sanajan kedahipun tembung tanduk, boten susah ngangge ater-ater
anuswara. Nanging, pamaosipun kedah kados pamaosipun tembung ingkang mawa
ater-ater anuswara.
Tuladha
:
1. Pangkur
gatra wekasan : “Bedhah praja boyong putri” kedah dipunwaos “mBedhah praja mBoyong putri”
2. Gambuh
gatra wekasan : “Dhodhok dhepepes tan
katon” kedah dipunwaos “nDhodhok nDhepepes tan katon”
Mijil gatra ingkang
katiga : “gendhong tenggok
anyangking kendhi” kedah dipunwaos “ngGendhong
tenggok anyangking kendhi”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar