Kabarung ungeling
Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang
Kumenyar
mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya
dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Pranyata punika tejaning panganten
kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing
sasana pawiwahan.
Mubyar-mubyar
busananing panganten kakung ingkang angemba busananing narapati, lamun kadulu
katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang
sanyata adi luhung ; dene mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing
kawibawan luhur ; mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni.
Dhampyak-dhampyak
ingkang samya lumaksana angayap sang pinangantyan kakung, pinaragan dening para
kadang Santana miwah warga wandawa. Dhasar panganten kakung anyardula lapa
tindake, riyak anggajah ngoling, lembehan merak kasimpir. Sarira amrabata,
sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh; yen ta tamtama sumbaga wirotama prawira
jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon. Mila kalamun
pinetha ing wardaya candrane kadi narendra ingkang arsa tedhak siniwaka,
lenggah ing dhampar denta.
Prapteng
unggyan kang tinuju, sang pinangantyan kakung sumawana ingkang samya umiring
lampah sami dene aparantunan wonten ing wiwaraning pawiwahan. Nalika samana
panganten kakung dahat ngungun anguningani eden-eden kang angrenggani tawinging
wiwara, dumadi saking pradapa mancawarna, tinunggulan dening pradapaning
wandira. Pradapa ron wandira waringin. Tulya asri dinulu.
Kumalebeting
rontek miwah umbul-umbul ingkang katempuh ing maruta manda, lamun linaras ing
suksma enthane asung oambagya hargya marang sang pinangantyan kakung, lumeber
sanggyaning para warga wandawa ingkang samya umiring gati.
Dupi
wus tinata titi tataning wigati, sigra jumangkah sang wimbasara pamethuking
sekar cepaka mulya sasele inggih sang atmaja panganten kakung, saksana amurweng
kandha sang wimbasara dhumateng ingkang piniji anampi.
(dumugi wiwaraning pawiwahan,
panganten kakung kendel.)
Kapethik
saking : Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda
Anggitanipun Rama Sudi
Yatmana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar