Minggu, 17 Januari 2016

#GURIT# Gurit Pait



Iki gurit
Geguritane ati kang lagi njerit
Marga karangkeng ing donya kang legi
Nanging legi bratawali

Gurit pait iki
Kanggo kowe, wong kang pelit
Pelit ing ati,
Wuta ing tata,
Ora nggape ing liyan

Dakesemi, ethok-ethok ora ngerti
Daktakoni, wangsulanmu ora mranani
Dakparani, lekas-lekas nglungani
Arep daksalami, jarene lagi alergi

Apa salahku?
Apa marga sekolahku sing SD wae ora butus?
Ora kaya panjenengan sing titele insyinyur
Apa marga gaweyanku mung buruh?
Dene panjenengan direktur
Apa marga saben dinane aku mung mlaku?
Dene panjenengan wae duwe mobil cacah telu
Embuh…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar