Minggu, 17 Januari 2016

Tuladha Panyandra Panganten Dhaup (Panggih)



(binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang)

Wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat saking panguwaosing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, amestuti ila-ila ujaring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti tis-tisning tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges budi daya ingkang tuwuh saking osiking penggalih; wondene tulus saliring pangesthi ingkang tumuju marang kautamen pinarengake.
Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang pinanci. Dene ingkang munggwing wuri ana jejaka/kenya kekalih umiring tindake panganten putri, punika ingkang sinaraya angemban puspita adi ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhauping panganten sarimbit.
Swaraning pradangga munya angrangin, kadya asung pepuji pangastuti mring panganten kekalih mrih kang kaesthi dadi kang sinedya dadya.
Saya caket saya caket denira lumkasana pangantyan putri, saman wus prapteng unggwan kang tinuju, nulya panganten kekalih samya apagut tingal. Tempuking pandulu caturnetra ingkang linambaran budi luhur, sakal wonten daya pangaribawa ingkang ambabar karsa dadya sarana pambukaning rasa ginaib ingkang tumanem ing sanubari.
Saksana kumlawe astane panganten putri sarwi ambalang gantal mring panganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih.
Datan saranta panganten kakung gya gumantya ambalang gantal ingkang winastan gondhang tutur.
Punapa ta wujud sarta wredining gantal ingkang kinarya bebalanganing panganten sarimbit? Pranyata wujuding gantal dumadi saking sedhah lininting tinangsulan lawe wenang; sarta pinilih suruh ingkang matemu rose, ingkang amengku wredi sinandi:
-         Suruh yen dinulu saje lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit padha rasane, amengku wrei sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri, nanging lamun wus manunggal tekade, bisa manunggal cipta, rasa, miwah karsane, pinasthi jatukramane;
-         Marwa tinangsulan lawe wenang awarna seta, wredinira mugi wusnya tinangsulan ing akrami, dadya piningset denira mangun brayan; datan nalisir saking angger ugering kautamen;
-         Pinilih suruh kang matemu rose, mengku wredi mugi panganten sarimbit manunggal lair batine, saniskara pangesthi nyawiji, sirik lamun kaongsi suwaleng kayun, widada kang sinedya, lestari kang kaesthi.
Kawistara panganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang raja, pasemone nyata lamun dhaupira wus pinasthi dadi pasanganira, kang anggung kinudang-kudang bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendratama.
Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gya marepeki antiga cinaket ing bokor kencana, minangka wadhahing sekar sataman. Sakala kanang antiga tinapak ing pada, pecah sanalika. Pramila daya-daya panganten putri laju anjengku sarwi sumembah mring kakung. Purna denira sumembah gya amijiki samparaning iangkang raka, pralampita angicali saliring sukerta, tulus mulya manggih raharja.
Katon kambang-kambang kumambanging sekar triwarna kang aneng jro bokor kencana, mawar, mlathi, miwah kanthil, yekti punika kinarya pralampita lamun winawar ing tembung manis lumantar kedaling lathi, dadya pambukaning karyatama kang anggung kumanthil-kanthil ing pardoning netra, tumameng tung-tunging nala.
Kawistara sri pangantyan kekalih wus pinaringan toya wening kang mijil saking kendhi pratala, minangka pralampita mrih sabarang pakarti kang arsa linampahan, linambaran weninging panggalih miwah menebing kalbu, kang tinemu hayu hayem hangayomi.
Paripurna gatiningkang titi laksana panggih, samana sang pinangantyan wus jumeneng jajar sumandhing sarwi siningeban sindur dening ingkang ibu: bebrayaning putra sarimbit tinuntun rehing kautamen pinayungan budi rahayu, wani marang bebener, wedi marang kanisthan.
Sang Larasmaya memuji memuja asung pangastawa, umiring kang daweg winiwaha; laju manjing sasana rinengga, lulus raharja, sirna saliring rubeda.

Kapethik saking : Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda
                        Anggitanipun Rama Sudi Yatmana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar