Sabtu, 16 Januari 2016

#GURIT# Angin Asmara




Tansah tumiyup ing angin
Ginawa mabur tumekaning akasa
Parane papan bebungah
Kakanthi kakang pepujaning ati

Angin asmara
Nyebarake oksigen-oksigen tresna
Ngeburake layangan awarna biru
Arupa godhong waru
Mobat-mabitke ati kang lagi gandrung

Mangkene kidunging ati
Nalika tresna mampir ing ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar