Nuwun,
Winantu ing kawilujengan.
Sinartan sinukartaning panambrama.
Ibu miwah Bapak R. Kusna Wijaya, S.H.,
dalah para putri putra, dalasan
sanggyaning kulawarga, punapa dene para rawuh.
Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak
Drs. Iman Sarjana, ing anyulihi Ibu tuwin Bapak R. Kusna Wijaya, S.H.,
amasrahaken panganten kakung, kaparenga kula matur, minangka sesulihipun Ibu
saha Bapak R. M. Sukarja Wiryasuputra, kula kadhawuhan tampi pasrah panganten
kakung.
Pramila, kaparenga amratelakaken bilih
ing samangke wanci tabuh 10.00, panganten kakung kula tampi kanthi sae,
andadosaken suka bingahing manah; saha sumangga sami muji syukur konjuk ing
Hyang Murbeng Gesang.
Salajengipun panganten kakung badhe
sarimbit kaliyan panganten putri Asih Sulastri, dumungkap upacara candhakipun.
Kula nyadhong pangaksami mbokbilih
wonten kakirangan saha kaladuking panampi.
Nuwun.
Kapethik
saking : Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda
Anggitanipun : Rama
Sudi Yatmana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar