Apa ta gunane kacu?
Dakkira kanggo ngulap
tumetesing eluh
Liyane?
Ngulap samubarang
kang butuh diresikke
Apa maneh?
Wangsulane, akeh
Ngertiya ngger
Tuladhanen kacu kuwi
Lila dadi reged
kanggo karesikane liyan
Lila kurban kanggo
wigatine liyan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar