Ing ngandhap menika salah
satunggaling cakepan tembang Asmarandana ingkang wonten ing Serat Menak.
Wosipun inggih menika piwulang dhateng lare estri.
Pratikele wong akrami,
Dudu brana dudu warna,
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kelangkung
Tan kena tinambak arta
Tan kena tinambak warni
Ugere wong ing akrama
Amung eling dandanane
Eling kawiseseg priya
Tan kena asembrana
Kurang titi kurang emut
Yeku luput ngambra-ambra
Tidak ada komentar:
Posting Komentar