Ing ngadhap menika salah satunggaling
cakepan tembang Gambuh ingkang kapethik saking Wedharaga anggitanipun R. Ng.
Ranggawarsita.
Mangkene patrapipun
Wiwit anem amendenga laku
Ngengurangi papan turu sawatawis
Amemekak hawa napsu
Dhasarana andhap asor
Akanthi awas emut
Aja tinggal weweka ing kalbu
Mituhua wewarah kang mikolehi
Dentaberi anggeguru
Aja isin atetakon
Wong amarsudi kawruh
Tetirona ing reh kang rahayu
Aja kesed sungkanan sabarang kardi
Sakadare angengimpun
Nimpeni kagunaning wong
Tinimbang lan anganggur
Baya becik ipil-ipil kawruh
Angger datan ewan panasten sayekti
Kawignyane wuwuh-wuwuh
Wekasan kasub kinaot
Lamun wus sarwa putus
Kapinteran sinimpen ing pungkur
Bodhonira katokna ing ngrsa yekti
Gampang traping tindak tanduk
Amawas pambekaning
wong.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar