Ing ngandhap menika salah
satunggaling cakepan tembang Gambuh ingkang kaserat wonten ing Wedhatama.
Kalamun durung lugu
Aja pisan wani ngaku-aku
Antuk siku kang mangkono iku kaki
Kena uga wenang muluk
Kalamun wus padha melok
Meloke ujar iku
Yen wus ilang sumelanging kalbu
Amung kandel kumandel marang ing takdir
Iku denawas denemut
Denmemet yen arsa momot
Pamoting ujar iku
Kudu santosa ing budi teguh
Sarta sabar tawekal legaweng ati
Trima lila ambek sadu
Weruh wekasing dumados
Tidak ada komentar:
Posting Komentar