Ing ngandhap menika salah satunggaling cakepan tembang macapat Mijil
ingkang kaserat wonten ing Wulang Reh.
Poma kaki padha
dipuneling
Ing pitutur
ingong
Sira uga
satriya arane
Kudu anteng
jatmika ing budi
Ruruh sarta
wasis
Samubarangipun
Lan dennedya
prawira ing batin
Nanging aja
katon
Sasabana yen
durung mangsane
Kakendelan aja
wani mingkis
Weweka ing ati
Densamar densemu
Lan densami
manteb marang becik
Lan ta wekas
ingong
Aja kurang iya
panrimane
Yen wus tinitah
maring Hayang Widi
Ing badan
puniki
Wus pepancenipun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar