Sabtu, 16 Januari 2016

TULADHA MEDHAR SABDA PASRAH PANGANTEN KAKUNG



Nuwun,
            Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi kajiwa kasarira wonten ing panjenengan sadaya.
            Kairing sagunging pakurmatan.
            Ibu saha Bapak R.M. Sukarja Wiryasuputra,
tuwin para putri putra, dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh.
            Nuwun, kaparenga matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R. Kusna Wijaya, S.H. sakulawarga, kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung Adi Sumantri katur Ibu saha Bapak R.M. Sukarja Wiryasuputra.
Wondene kalampahanipun makaten : Kula wau wanci pukul 09.45, panganten kakung kula pendhet saking dalem Jl. Gombel Permai Angka 21, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak kadang, mitra pitepangan, sawatawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem Jl. M.T. Haryana Angka 878 ngriki, kalayan gangsar saha gancar.
Pramila, ngembun sarta ngemban dhawuh wigatosing sedya, kapareng ing samangke panganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken katur Bapak J. Soedardja, S.H., ingkang anyulihi Ibu dalah Bapak R.M. Sukarja Wiryasuputra, cundhuk kaliyan lampahing upacara.
Wusana kula nyuwun pangaksami mbokbilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang kirang ndadosaken pirenaning penggalih.
Nuwun.

Kapethik saking : Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda
Anggitanipun : Rama Sudi Yatmana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar