Tontonen kae
Bocah-bocah kae gumuyu tanpa ewuh
Isih bisa gumuyu
ing atase udan awu
Ing atase banyu bah
Ing atase wedhus gembel
Pethiken hikmahe
Aja lebur ing duka kang banget larane
Aja lebur ing suka kang banget ngalikake
Marga ora sateruse bal iku ngglindhing
Ana wancine bal iku bakal mandheg
Tidak ada komentar:
Posting Komentar