Minggu, 17 Januari 2016

MIJIL



Ing ngandhap menika salah satunggaling cakepan tembang macapat Mijil ingkang kaserat wonten ing Wulang Reh.
                      
Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun

Lan dennedya prawira ing batin
Nanging aja katon
Sasabana yen durung mangsane
Kakendelan aja wani mingkis
Weweka ing ati
Densamar densemu

Lan densami manteb marang becik
Lan ta wekas ingong
Aja kurang iya panrimane
Yen wus tinitah maring Hayang Widi
Ing badan puniki
Wus pepancenipun

Tuladha Panyandra Panganten Dhaup (Panggih)



(binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang)

Wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat saking panguwaosing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, amestuti ila-ila ujaring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti tis-tisning tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges budi daya ingkang tuwuh saking osiking penggalih; wondene tulus saliring pangesthi ingkang tumuju marang kautamen pinarengake.
Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang pinanci. Dene ingkang munggwing wuri ana jejaka/kenya kekalih umiring tindake panganten putri, punika ingkang sinaraya angemban puspita adi ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhauping panganten sarimbit.
Swaraning pradangga munya angrangin, kadya asung pepuji pangastuti mring panganten kekalih mrih kang kaesthi dadi kang sinedya dadya.
Saya caket saya caket denira lumkasana pangantyan putri, saman wus prapteng unggwan kang tinuju, nulya panganten kekalih samya apagut tingal. Tempuking pandulu caturnetra ingkang linambaran budi luhur, sakal wonten daya pangaribawa ingkang ambabar karsa dadya sarana pambukaning rasa ginaib ingkang tumanem ing sanubari.
Saksana kumlawe astane panganten putri sarwi ambalang gantal mring panganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih.
Datan saranta panganten kakung gya gumantya ambalang gantal ingkang winastan gondhang tutur.
Punapa ta wujud sarta wredining gantal ingkang kinarya bebalanganing panganten sarimbit? Pranyata wujuding gantal dumadi saking sedhah lininting tinangsulan lawe wenang; sarta pinilih suruh ingkang matemu rose, ingkang amengku wredi sinandi:
-         Suruh yen dinulu saje lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit padha rasane, amengku wrei sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri, nanging lamun wus manunggal tekade, bisa manunggal cipta, rasa, miwah karsane, pinasthi jatukramane;
-         Marwa tinangsulan lawe wenang awarna seta, wredinira mugi wusnya tinangsulan ing akrami, dadya piningset denira mangun brayan; datan nalisir saking angger ugering kautamen;
-         Pinilih suruh kang matemu rose, mengku wredi mugi panganten sarimbit manunggal lair batine, saniskara pangesthi nyawiji, sirik lamun kaongsi suwaleng kayun, widada kang sinedya, lestari kang kaesthi.
Kawistara panganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang raja, pasemone nyata lamun dhaupira wus pinasthi dadi pasanganira, kang anggung kinudang-kudang bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendratama.
Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gya marepeki antiga cinaket ing bokor kencana, minangka wadhahing sekar sataman. Sakala kanang antiga tinapak ing pada, pecah sanalika. Pramila daya-daya panganten putri laju anjengku sarwi sumembah mring kakung. Purna denira sumembah gya amijiki samparaning iangkang raka, pralampita angicali saliring sukerta, tulus mulya manggih raharja.
Katon kambang-kambang kumambanging sekar triwarna kang aneng jro bokor kencana, mawar, mlathi, miwah kanthil, yekti punika kinarya pralampita lamun winawar ing tembung manis lumantar kedaling lathi, dadya pambukaning karyatama kang anggung kumanthil-kanthil ing pardoning netra, tumameng tung-tunging nala.
Kawistara sri pangantyan kekalih wus pinaringan toya wening kang mijil saking kendhi pratala, minangka pralampita mrih sabarang pakarti kang arsa linampahan, linambaran weninging panggalih miwah menebing kalbu, kang tinemu hayu hayem hangayomi.
Paripurna gatiningkang titi laksana panggih, samana sang pinangantyan wus jumeneng jajar sumandhing sarwi siningeban sindur dening ingkang ibu: bebrayaning putra sarimbit tinuntun rehing kautamen pinayungan budi rahayu, wani marang bebener, wedi marang kanisthan.
Sang Larasmaya memuji memuja asung pangastawa, umiring kang daweg winiwaha; laju manjing sasana rinengga, lulus raharja, sirna saliring rubeda.

Kapethik saking : Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda
                        Anggitanipun Rama Sudi Yatmana

Tuladha Panyandra Panganten Kakung Mlebet ing Sasana Pawiwahan



Kabarung ungeling Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang

Kumenyar mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Pranyata punika tejaning panganten kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan.
Mubyar-mubyar busananing panganten kakung ingkang angemba busananing narapati, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung ; dene mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur ; mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni.
Dhampyak-dhampyak ingkang samya lumaksana angayap sang pinangantyan kakung, pinaragan dening para kadang Santana miwah warga wandawa. Dhasar panganten kakung anyardula lapa tindake, riyak anggajah ngoling, lembehan merak kasimpir. Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh; yen ta tamtama sumbaga wirotama prawira jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon. Mila kalamun pinetha ing wardaya candrane kadi narendra ingkang arsa tedhak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.
Prapteng unggyan kang tinuju, sang pinangantyan kakung sumawana ingkang samya umiring lampah sami dene aparantunan wonten ing wiwaraning pawiwahan. Nalika samana panganten kakung dahat ngungun anguningani eden-eden kang angrenggani tawinging wiwara, dumadi saking pradapa mancawarna, tinunggulan dening pradapaning wandira. Pradapa ron wandira waringin. Tulya asri dinulu.
Kumalebeting rontek miwah umbul-umbul ingkang katempuh ing maruta manda, lamun linaras ing suksma enthane asung oambagya hargya marang sang pinangantyan kakung, lumeber sanggyaning para warga wandawa ingkang samya umiring gati.
Dupi wus tinata titi tataning wigati, sigra jumangkah sang wimbasara pamethuking sekar cepaka mulya sasele inggih sang atmaja panganten kakung, saksana amurweng kandha sang wimbasara dhumateng ingkang piniji anampi.
(dumugi wiwaraning pawiwahan, panganten kakung kendel.)

Kapethik saking : Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda
                        Anggitanipun Rama Sudi Yatmana

#GURIT# Mas Paga




Kenya iki isih nandang pangajab
Mugya Gusti paring palilah
Bilih kenya iki isih bisa pinanggih
Marang priya pepujaning ati
Kang rina wengi tansah nggodha ati

Mas Paga…
Saman iku sapa?
Isa-isane manggon ing pikirku
Saman ana ngendi?
Ing kene aku tansah nganti-anti
Mas Paga
Dak kira saman priya kirimaning Gusti
Kang amung mampir sakedhiping urip iki
Embuh…

#GURIT# Pringising Bocah



Tontonen kae
Bocah-bocah kae gumuyu tanpa ewuh
Isih bisa gumuyu ing atase udan awu
Ing atase banyu bah
Ing atase wedhus gembel

Pethiken hikmahe
Aja lebur ing duka kang banget larane
Aja lebur ing suka kang banget ngalikake
Marga ora sateruse bal iku ngglindhing
Ana wancine bal iku bakal mandheg