(binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang)
Wus dumugi
wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat saking panguwaosing Gusti Ingkang
Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi
wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya,
amestuti ila-ila ujaring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta
angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti
tis-tisning tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges budi daya
ingkang tuwuh saking osiking penggalih; wondene tulus saliring pangesthi
ingkang tumuju marang kautamen pinarengake.
Kawuryan
sri panganten putri wus jengkar saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning
warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang pinanci. Dene ingkang munggwing
wuri ana jejaka/kenya kekalih umiring tindake panganten putri, punika ingkang
sinaraya angemban puspita adi ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru,
kinarya sarana dhauping panganten sarimbit.
Swaraning
pradangga munya angrangin, kadya asung pepuji pangastuti mring panganten
kekalih mrih kang kaesthi dadi kang sinedya dadya.
Saya
caket saya caket denira lumkasana pangantyan putri, saman wus prapteng unggwan
kang tinuju, nulya panganten kekalih samya apagut tingal. Tempuking pandulu
caturnetra ingkang linambaran budi luhur, sakal wonten daya pangaribawa ingkang
ambabar karsa dadya sarana pambukaning rasa ginaib ingkang tumanem ing
sanubari.
Saksana
kumlawe astane panganten putri sarwi ambalang gantal mring panganten kakung,
ingkang winastan gondhang kasih.
Datan
saranta panganten kakung gya gumantya ambalang gantal ingkang winastan gondhang tutur.
Punapa
ta wujud sarta wredining gantal ingkang kinarya bebalanganing panganten
sarimbit? Pranyata wujuding gantal dumadi saking sedhah lininting tinangsulan
lawe wenang; sarta pinilih suruh ingkang matemu rose, ingkang amengku wredi
sinandi:
-
Suruh yen dinulu saje lumah lawan kurepe, nanging lamun
ginigit padha rasane, amengku wrei sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji
putri, nanging lamun wus manunggal tekade, bisa manunggal cipta, rasa, miwah
karsane, pinasthi jatukramane;
-
Marwa tinangsulan lawe wenang awarna seta, wredinira mugi
wusnya tinangsulan ing akrami, dadya piningset denira mangun brayan; datan
nalisir saking angger ugering kautamen;
-
Pinilih suruh kang matemu rose, mengku wredi mugi
panganten sarimbit manunggal lair batine, saniskara pangesthi nyawiji, sirik
lamun kaongsi suwaleng kayun, widada kang sinedya, lestari kang kaesthi.
Kawistara panganten kekalih wus jajar sumandhing aneng
luhuring pasangan linambaran roning pisang raja, pasemone nyata lamun dhaupira
wus pinasthi dadi pasanganira, kang anggung kinudang-kudang bangkit mandireng
pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendratama.
Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gya marepeki
antiga cinaket ing bokor kencana, minangka wadhahing sekar sataman. Sakala kanang
antiga tinapak ing pada, pecah sanalika. Pramila daya-daya panganten putri laju
anjengku sarwi sumembah mring kakung. Purna denira sumembah gya amijiki
samparaning iangkang raka, pralampita angicali saliring sukerta, tulus mulya
manggih raharja.
Katon kambang-kambang kumambanging sekar triwarna kang
aneng jro bokor kencana, mawar, mlathi, miwah kanthil, yekti punika kinarya
pralampita lamun winawar ing tembung manis lumantar kedaling lathi, dadya
pambukaning karyatama kang anggung kumanthil-kanthil ing pardoning netra,
tumameng tung-tunging nala.
Kawistara sri pangantyan kekalih wus pinaringan toya
wening kang mijil saking kendhi pratala, minangka pralampita mrih sabarang
pakarti kang arsa linampahan, linambaran weninging panggalih miwah menebing
kalbu, kang tinemu hayu hayem hangayomi.
Paripurna gatiningkang titi laksana panggih, samana sang pinangantyan
wus jumeneng jajar sumandhing sarwi siningeban sindur dening ingkang ibu:
bebrayaning putra sarimbit tinuntun rehing kautamen pinayungan budi rahayu,
wani marang bebener, wedi marang kanisthan.
Sang Larasmaya memuji memuja asung pangastawa, umiring
kang daweg winiwaha; laju manjing sasana rinengga, lulus raharja, sirna
saliring rubeda.
Kapethik
saking : Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda
Anggitanipun Rama Sudi
Yatmana