Minggu, 17 Januari 2016

#GURIT# Desember kaping 20



Wus ping rong puluh aku ketemu sliramu
Sasi pungkasaning taun
Nostalgia marang kadadeyan endah kang wiwit lumuntur
Dakantu-antu kadadeyan endah liyane kang bakal kawetu
           
Kairing donga ing sasi iki
Mugya ingsun dadi wanodya kang luwih becik
Myang mugya mbesuk isih bisa pinanggih
Kanthi kenangan ing sasi iki kang manis

#GURIT# Kacu



Apa ta gunane kacu?
Dakkira kanggo ngulap tumetesing eluh
Liyane?
Ngulap samubarang kang butuh diresikke
Apa maneh?
Wangsulane, akeh

Ngertiya ngger
Tuladhanen kacu kuwi
Lila dadi reged kanggo karesikane liyan
Lila kurban kanggo wigatine liyan

#GURIT# Sega Aking



Sega aking, sega garing
Jarene segane wong kang nasibe kurang mranani
Aja ngina dupeh sega aking
Kanggone, sega aking iki gedhe ing andil
Panyambunge urip nalika ora kuwat
Ora kuwat nyangga aboting urip
Nalika kudu nggudag seabreging kabutuhan
Kang ora rampung-rampung dituruti

#GURIT# Cah Ayu



Dhuh, cah ayu
Wong wadon kang endah ing busana
Tutur kang tumata
Pakarti kang utama
Uga rupa kaya Sinta

Esemu kang manis
Sapa sing milik?
Begjane priya kang bisa nyandhing sira
Welingku tetepa kalem tetepa adhap

#GURIT# Lumunturing Budaya



Eman-eman temen
Bocah bagus padha tindhikan
Sing wadon ora isin ngumbar aurat
Rambute padha semiran
Aklambi bolong-bolong
Kathokan suwek-suwekan

Le, Ndhug
Oleh gandrung nanging aja lali marang budaya kang luwih adi luhung
Oleh gandrung nanging aja kedlurung

Negara iki ana ing tanganmu
Kowe sekabehane ing pundhakmu
Iku mikul gedhe pengareping bangsa